Punika warah hidayat jati, ingkang anedahaken dunungipun pangkating ngelmi makripat, medal saking wirayating wiradad, wejanganipun para wali ing tanah Jawi, sasedanipun Kangjeng Sunan ing Ngampeldenta, sami karsa ambuka pipiridan ingkang dados wiwijining wawejanganipun suraosing ngelmi kasampurnan piyambak-piyambak.
Wiosipun inggih ugi angsal dalil kadis, ijemak kiyas, kados ingkang sampun kasebut wonten salebeting wiradad, sangkepipun ing murat masuding murat sadaya. Menggah papangkatanipun satunggal-satunggal kapraptelakaken kados ing ngandhap punika :
Ingkang rumiyin saangkatan, kala jaman awalipun, nagari ing Demak, para wali ingkang karsa amejang wolu :
1. Kangjeng Susuhunan ing Giri Kedhaton, wawejanganipun, wisikan ananing dad.
2. Kangjeng Susuhunan ing Tandhes, wawejanganipun wedharan wahananing dad.
3. Kangjeng Susuhunan ing Majagung, wawejanganipun gelaran kahananing dad.
4. Kangjeng Susuhunan ing Bonang, wawejanganipun pambukaning tata malige ing dalem betal makmur.
5. Kangjeng Susuhunan ing Wuryapada, wawejanganipun pambukaning tata malige ing dalem betal mukaram.
6. Kangjeng Susuhunan ing Kalinyamat, wawejanganipun pambukaning tata malige ing dalem betal mukadas.
7. Kangjeng Susuhunan ing Gunungjati, wawejanganipun pambukaning tata malige panetep santesaning iman.
8. Kangjeng Susuhunan ing Jenar, wawejanganipun sasahidan.
Ingkang kaping kalih saangkatan malih kala jaman akhiripun nagari ing Demak, dumugi ing Pajang, para wali ingkang karsa amejang inggih among wolu :
1. Kangjeng Susuhunan ing Giri parepan, wawejanganipun wiwisikan ananing dad.
2. Kangjeng Susuhanan ing Derajad, wawejanganipun wedharan ananing dad.
3. Kangjeng Susuhunan ing Ngatasangin, wawejanganipun gelaran ananing dad.
4. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, wawejanganipun pambukaning tata malige ing dalem betal makmur, lajeng ambabar sagunging kang dados, parabotipun amatrapaken sagunging kang dados, parabotipun amatrapaken panjenenganing dad sadaya, ananging dereng urut, ing patrap panggenanipun satunggal-satunggal.
5. Kangjeng Susuhunan ing Tembayat kaliyan dening Guru Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, amiridaken wawejanganipun pambukaning tata malige ing dalem betal mukaram.
6. Kangjeng Susuhunan ing Padusan, wawejanganipun ing pambukaning tata malige ing dalem betal mukadas.
7. Kangjeng Susuhunan ing Kudus, wawejanganipun pambukaning panetep santosaning iman.
8. Kangjeng Susuhunan ing Geseng, wawejanganipun sasahidan. Dene wawejangan ingkang sampun kasebut ing nginggil punika suraosipun inggih nunggil kemawon, amargi sami pipiridan, saking pamejanganipun ingkang saking Kangjeng Susuhunan ing Ngampeldenta sadaya, sareng dumugenipun jaman nagari ing Mantawis, panjenenganipun Nata ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, wawejangan wolung pangkat wau karsa kaimpun dalah parabotipun pisan, supados mutamata ing suraosipun sadaya, punika lajeng kababaraken dados wawejangan satunggal kemawon. Sasampunipun mupakatan kalayan kawruh ingkang para ahli ngelmi, karsadalem lajeng amatah ingkang kalilan amiritaken wawejangan ingkang makaten wau kados ing ngandhap punika :
1. Panembahan Purubaya,
2. Panembahan Juminah,
3. Panembahan Ratu Pekik,
4. Panembahan Juru Kithing,
5. Panembahan ing Kadilangu,
6. Pangeran ing Kudus,
7. Pangeran ing Kajoran,
8. Pangeran ing Tembayat,
9. Pangeran ing Wongga.
Menggah wawejangan ingkang sampun kaimpun dados satunggal wau, wiosipun sami angsal saking nunukil tuwin bangsaning kitab tasawub sadaya, urutipun satunggal-satunggal, asasakan daliping ngelmi, minangka pitedahan anggenipun amratelakaken ing pangandikaning Pangeran kang Maha Agung, punika dhateng Kangjeng Nabi Musakalamullah, manawi manungsa punika kanyatahaning dad kang asipat esa, makaten wau ingkang kawedharaken dados witing ngelmi makripat, kados wiwiridan para Nabi, para Wali, para Pandhita, dados bubukaning wawejanganipun piyambak-piyambak, sareng kaimpun dados satunggal, saking karsadalem Kangjeng Sinuhun Kangjeng Sultan Agung ing Mantawis, punika mupakatipun suraosing ngelmi makripat ingkang kawejangaken sadaya, wekasan ing ngalami-lami wawejangan wau punika wijang malih dados sanes-sanes suraosing pangawikan, amargi saking kathahipun para wicaksana ingkang dados Guru, sami ambabaraken wiwiridanipun piyambak-piyambak, wonten ingkang amiridaken paraboting ngelmi makripat kemawon, malah terkadhang wonten ingkang amedharaken patraping ngelmi talek, akaliyan ngelmi patah, sapanunggilanipun sadaya.
Sareng ing samangke dipun parmudi dhateng Kiyahi Ageng Mohamad Sirolah ing Kedungkhol inggih punika sakiduling Kedhung panganten, mawi katengeran ing taun : rong sogata warga sinuta, salebeting Alip : 1 7 7 9, kadhawahan ilham riyalat dening Pangeran Kang Maha Sukci, anata urut-urutanipun patraping ngelmi makripat, sarta andunungaken ing murat maksudipun pisan, anurut wawejangan wolung pangkat kakumpulaken dados satunggal kados ing ngandhap punika :
Nunten ing pamejangan dipun pasangi tuwuhan maju sakawan sarta dipun tatani lampit ingkang resik, lajeng katumpangan gelaran pasir ingkang tigas. Ing nginggilipun katumpangan mori pethak sak ules lapis pitu, apesipun lapis tiga, mawi kasebaran sekar campur bawur.
Nunten sasaosan srikawin salaka pethak wawrat satahil, kadekek ing wadhah tunggil akaliyan lisah sundhulangit sarta menyan wawrat saringgit, kasasapan mori pethak mawi pangiring sasangganya pisang agung sedhah ayu. Wohanipun nanganan kasasapan mori pethak daos kalih wadhah, sarta sakembaran pisang sajodho, sami sumaji wonten ing pamejangan.
Nunten antawis sampun sirep tiyang, utawi wanci tengah dalu, sami tindak enggen pamejangan. Ingkang badhe kawejang lenggah majeng mangilen sarta dudupa ratus kahadhepaken ing talingan kiwa, lajeng ing grana wekasan ing jaja. Punika wiwit kawejang dhateng gurunipun mawi saksi sakawan ingkang sami tunggil ngelmi.
Dene ingkang kawejangaken, nurut pamejanganipun para wali wolu ing tanah Jawi, kakumpulaken dados satunggal. Wiosipun sami amudhar wijining kikiyasan, saking dalil pangandikanipun Kangjeng Nabi Rasollolah dhateng Sayidina ngali, kawisikaken ing talingan kiwa, papangkatipun dados wolung wejangan, kapratelakaen kados ing ngandhap punika jarwanipun sadaya :
1. Ingkang wewejangan ingkang rumiyin, dipun wastani wisik kakahaning dad, awit dening pamejanganipun kawisikaken ing talingan kiwa, wiosipun kiwa, wiosipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukil saking sarahing kitab hidayat tulkhakhait, kapratelakaken Pangeran kang Maha Sukci dhateng Kangjeng Nabi Mohamad Rasollolah, makaten jarwanipun :
sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awanguwung, during ana sawiji-wiji, kang dhingin iki ingsun, ora ana Pangeran ingkang ingsun sajatining dad kang Maha Sukci, angliputi ing sipatingsun amratandhani ing apngalingsun. Menggah dunungipun makaten, ingkang binasakaken angandika, ora ana Pangeran hangingsun sajatining dad kang Maha Sukci, punika inggih gesang kita pribadi, sayekti katitipan rasaning dad kang Agung, anglimputi ing sipat, punika inggih rupa kita pribadi, sayekti kawimbuan warnaning dad kang elok. Anartani asma punika, inggih nami kita pribadi sayekti kahaken pasebutan, dad kang wisesa, amratandhani apngal punika, inggih sasolah bawa kita pribadi, sayekti anelakaken pakartining dad kang sampurna, mila babasanipun wahaning dad punika anyamat misipat. Sipat punika anartani asma. Asma punika amratandhani apngal, apngal punika dados wahaning dad, dene dad anggenipunnyamati sipat, punika upami kadi madu kalawan manisipun, yekti boten kenging yen kapisahna.
Dene sipat anggenipun anartani asma punika, upami kadi surya kalawan sorotipun, yekti boten kenging yen kabedakna.
Dene asma anggenipun anartani asma punika, upami kadi paesan, kang angilo lawan wawayanganipun, sayekti sasolah bawane kang angilo wau, wawayangan tumut kemawon, dene apngal anggenipun dadoa wahananing dad punika, upami kadi samodra kalawan ombakipun, yekti wahananing ombak manut saking rehing samodra. Dados sajatosipun kang anama dad punika tohjalining Mohamad, sajatosipun kang anama Mohamad punika, wahananing cahya kang anglimputi ing jasat, dumunung wonten ing gesang kita, inggih punika gesang piyambak, boten wonten ingkang anggesangi, mila kawasa aningali, amiyasa, angganda, angandika, angraosaken saliring rahsa, punika saking kodrat iradad kita sadaya, tegesipun makaten :
Dating Pangeran kang Maha Sukci, punika anggenipun aningali muhung saking ngagem ing netra kita, anggenipun angambet inggih angagem ing grana kita, anggenipin angandika inggih angagem ing lesan kita, anggenipun angraosaken salwiring rahsa, punika inggih angagem ing pangraos kita, sampun mawi was sumelang ing galih, sabab wahananing wahya dyatmika punika sampun kasarira, tegesipun lahir batining Allah, sampun dumunung wonten ing gesang pribadi, manawi ing babasanipun sepuh dating kawula, manungsa, kaliyan sipating Allah, awit dadosing dad punika, kadim, ajali abadi, tegesipun rumuhun piyambak kahanan kita, dadosing kita punika kudu sulngalam, tegesipun anyar wonten kahananing ngalam donya, ananging sami tarik-tinarik, tetep tinetepan, samu kawis ingkang anama dad punika, sayekti dumunung wonten ing sipat, sakaliring ingkang anama sipat punika, sayekti kadunungan ing dad sadaya.
2. Wawejangan ingkang kaping kalih, dipun wastani wedharan kahananing dad, awit dening pamejangipun amarahing urut-urutan, dumadining dad, sipat wahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih, nukil saking sarahing kitab makaikal kakatik, amratelakaken pangandikanipun Pangeran kang Maha Suci, dhateng Kangjeng Nabi Muhamad Rasololah, makaten jarwanipun :
Sajatine ingsun dad kang amurba amisesa, kang kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodratingsun, ing kene wus kanyatahan prantandhaning apngalingsun, kang minangka bubukaning iradatingsun, kang dhingin ya ingsun, anitihake kayu, aran sajaratul yakin, tumuwuh sajroning alam, adam ngadum, ajali abadi, nuli cahya aran Mohamad, nuli kang aran miatul ayaki, nuli aran rohilapi, nuli darma aran kadil, nuli sasotya aran darah, nuli dhinhdhing jalal, aran kijap, iku kang minangka warananing kalaratingsun, menggah dunungipun makaten :
1. Sajaratul yakin, tumuwuh salebeting ngalam adam ajali abadi, tegesipun, kajeng sajati, tumuwuh ing jagad Sonya ruri, taksih awing nguwung, salaminipun ing kahanan kita punika kakekate dad mutelan kang kadim, tegesipun sajatining dad kang mrsthi, rumuhun piyambak, inggih punika dati atma, dados wahaning alam akadiyat.
2. Nur Mohamad, tegesipun cahya kang pinuji, kacarios ing kadis, warnenipun kados paksi merak, wonten ing dalem sesotya kang pethak, dumunung arah-arahing sajaratul yakin punika kakekating cahya, kang ingaken tohjalining dad, wonten salebeting nukap gaib, minangka sipating atma, dados wahananing alam wahdad.
3. Miratul ayaki, tegesipun kacawirangi, kacarios ing kadis, dumunung sangajenging Nur Mohamad, punika kekating pramana, kang ingaken rasaning dad, minangka asmaning adma, dados wahananing alam makadiyat.
4. Rohilapi, tegesipun sasandhaning nyawa, inggih punika nyawa kang wening, kacarios ing kadis, amal saking Nur Mohamad, punika kikekating suksma, kang ingaken kahananing dad minangka apngaling atma, dados wahananing alam arwah.
5. Kadil, tegesipun dilah, inggih punika dilah tanpa latu, kacarios ing kadis, awarni sesotya kang mancur mancorong gumantung tanpa canthelan, ing ngriku kahananing Nur Mohamad, sarta enggen pakumpulaning roh sadaya, punika kakekating angen-angen, kang ingaken wewayanganing dad, minangka embananing atma, dados wahananing alamisal.
6. Darah, tegesipun sasetyo kacarios ing kadis adarbe sasorot amanca warni, sami kanggenan malaekat, punika kakekating budi, kang ing ngaken papaesaning dad, minangka wiwaraning atma, dados wahananing alam ajasam.
7. Kijab, winastan dhingdhing jalal, tegesipun warana kang agung, kacarios ing kadis, medal saking sotya kang manca warni, ing nalika amosik anganakaken tigang waraga :
1. huruh,
2. kukus,
3. toya.
punika kakekating jasat kang ing ngaken warananing dad, minangka sasandhananing atma, dados wahananing insane kamil. Menggah pratelanipun sangking ijemak, kiyas, papangkataning dhingdhing jalal awarni huruh kukus wau sami dados nigang warana malih, kasebut ing ngandhap punika :
ingkang rumiyin uruh, amedalaken tigang pangkat :
1. kijab kisma, dados wahyaning jasat ing jawi, kadosta kulit, daging sapanunggilanipun,
2. kijab rukmi, dados wahyaning jasat ing lebet kadosta uteg, manik, manah, jantung sapanunggilanipun,
3. kijab retna, dados wahyaning jasat kang kalebet kadosta rah, mani, sungsum sapanunggilanipun.
Ingkang kaping kalih kukus, amedalaken tigang pangkat :
1. kijab pepeteng, dados wahananing napas sapanunggilanipun,
2. kijab guntur, dados wahananing panca driya,
3. kijab latu, dados wahananing napsu.
Ingkang kaping tiga toya, medalaken tigang pangkat :
1. kijab bun toya gesang, dados wahananing suksma,
2. kijab nurasa, dados wahananing rahsa,
3. kijab nurcahya, ingkang sakalangkung padhang, dados kahananing atma.
Sadaya punika dados kawarananing dad, sami dumunung wonten ing insan kamil, tegesipun kasampurnaning manungsa, sampun was sumelang malih, sebab kahananing kalarat, kadosta bale ngaras kursi, lukil makpul, kalam tiraju, wotsiratap mustakim, swarga, naraka, utawi saniskaraning dumadi kadosta bumi, langit saisen isenipun sadaya, punika sampun kawengku wonten salebeting warana, sinamadan ing dad kita, kang Maha Agung gumelar dados kaelokaning sipat kita kang elok, tuwin kaelokaning sipat kita kang esa, anartani ing purbaning asma kita, kang wisesa, amratandhani ing kawasaning apngal kita kang sampurna.
Dene panimbangipun ingkang sampun kasebut ing nginggul sadaya wau, manawi mendhet kikiyasan saking murat maksuding kitab bayan alip, menggah ing suraosipun inggih nunggil misah kemawon, kados ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika :
1. alip punika lahiring sipatolah, kayektosan wonten ing wujut kata pribadi, sumandha ing alam kabir, dados kahananing nukat, tegesipun musthika, ingkang binasakaken musthika punika budi.
2. nukat punika lahiring budi, sumandha ing alamsahir, dados kahananing darah, tegesipun retna, ingkang binasakaken retna punika jinem, winastanan angen-angen, amartandhani gesanging budi.
3. darah punika lahiring jinem, sumandha ing budi, dados kahananing roh, tegesipun suksma, ingkang binasakaken suksma punika nyawa, mratandhani gesanging angen-angen.
4. roh, punika lahiring suksma, sumandha ing angen-angen, dados kahananing sir, tegesipun rahsa, ingkang binasakaken rahsa punika pangraosing badan hawa sanga, mratandhani gesanging nyawa.
5. sir, punika lahiring rahsa, sumandha ing suksma, dados kahananing iman, tegesipun santosa, inggih punika pramana, ingkang binasakaken pramana, punika sangkeping panca driya, mratandhani gesanging rahsa.
6. iman, punika lahiring pramana, sumandha ing rahsa, dados kahananing nur, tegesipun cahya, ingkang binasakaken cahya punika sulaking netya. Amratandhani gesanging pramana, dene pramana punika misesa ing sarira, tunggil sasana kaliyan rahsa, sami dumunung salebeting jiwa, ngibaratipun kados simbar tuwuh ing wreksa, ananging boten tumut anandhang saniskara, arip, luwe, ing sapanunggilanipun, boten kalebetan, among manawi nandhang saliring kasakitan, punika tumut kaleson, terkadhang ginggang saking sasana, manawi ngantos kagingsiran pramana, salira lungkrah, temahan angalumpruk, boten darbe kerkat, upami sirna karkating sarira, kantun karkating suksma, sirna karkating suksma kantun karkating rahsa, sirna karkating rahsa, kantun karkating pramana, sirna karkating pramana jati, kantun karkating pranawa sajati, sirna karkating pranawa sajati kantun karkating atma sajati.
7. nur punika lahiring cahya, winastan pranawa sajati, sumandha ing pramana, dados kahananing duryat, tegesipun padhanging cahya, ingkang binasakaken padhanging cahya punika purbaning atma sajati.
8. duryat punika lahiring atma sajati, sumandha ing cahya, dados kahananing dad, tegesipun kantha, ingkang binasakaken kantha punika janggerenging sipat sajati.
9. dad punika lahiring sipat sajati, sumandha ing atma sajati, dados kahananing nukat gaib, tegesipun musthika ginaib, ingkang binasakaken musthika ginaib, punika kanyahaning rupa sajati, sinengker wonten salebeting alamsahir, gesang piyambak boten wonten kang anggesangi, isbatipun tanpa antawis akaliyan gesanging suksma sajati, tuhu tunggil sasana boten pisah ing salaminipun.
10. nukat gaib punika lahiring rupa sajati, sumandha ing dad sajati, dados kahananing cahya gumilang tanpa wawayangan, inggih punika tajalining Pangeran ingkang sipat esa, tegesing sipat satunggal, ingkang binasakaken sipat satunggal dede jaler dede estri, dumunung wonten ing kodrat kita pribadi, sampun uwas sumelang malih.
Lajengipun kasambetan utawi kalajengaken ing serat wejangan ingkang kaping tiga.
3. Wejangan ingkang kaping tiga dipun wastani gelaran kahananing dad, awit dening pamejangipun ambabar ingkang dados kanyatan, anasiring dad sipat, inggih punika Pangeran kang Maha Suci karsa amujudaken ing sipatipun, gumelar kahananipun, kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping tiga, nukilan saking sarak, ing kitab bayan sumirat, inggih punika bangsaning kitab makdinil maklum, amratelakaken pangandikanipun Pangeran kang Maha Suci, karsa amujudaken sipatipun kang gumelar kahananipun, kasebut ing dalem daliling ngelmi, ingkang kaping tiga, nukil saking sarah, ing kitab bayan sumirat, inggih punika bangsaning kitab makminil makluk, amratelakaken pangandika, dhateng Kangjeng Nabi Muhamad rasulolah, makaten jarwanipun :
sajatine manungsa iku rasaningsun, lan ingsun iki rasaning manungsa, karana ingsun anitahake adam, asal saking ing anasir patang prakara :
1. b u m i ,
2. g e n i ,
3. a n g i n ,
4. b a n y u.
iku dadi kawujudaning sipatingsun, ing kono ingsun panjingi mudah 5 :
1. n u r ,
2. r a h s a ,
3. r o h ,
4. n a p s u ,
5. b u d i ,
ya iku minangka warananing wajah ingsun kang Maha Suci.
Menggah dunungipun makaten : mudah punika dating kawula, wajah punika dating Gusti kang sipat langgeng, kang kacarios ing kadis, panjinging mudah gangsal prakawis wau, wiwit saking bun-embunan, kendel ing uteg, lajeng tumurun dhateng netra, lajeng tumurun dhateng karna, lajeng tumurun dhateng grana, lajeng tumurun dhateng lesan, lajeng tumurun dhateng jaja, lajeng sumarambah ing jasat sadaya.
Sangkepipun jumeneng insane kamil, asipat rupa sajati, hisbatipun kados ingkang kasebut, wonten salebeting kitab bayan sumirat, amarah saking pangandikanipun Sultan Sungeb ing Madyan, kajarwekaken makaten :
rupa sajati, punika asal saking sajatining rupa, sajatining rupa punika inggih sipating Pangeran kang Maha Suci sejati, kawuryan wonten ing rupa kita pribadi, punika tuladhanipun saking surating Pangeran kang Maha Suci sejati.
Manawi pangandikanipun Sultan Abayajit ing Bultam, kajarwakaken makaten :
sajatining dad punika, dados tuladhaning suksma, sajatining suksma sejati punika dados tuladhaning sipat-sipat sejati, sipat sajati punika dados tuladhaning rupa kita pribadi, sampun uwas sumelang malih sebab kahananing manungsa, saking durywat, wahananing duryat punika saking cahyaning dad, sajatining dad punika dumunung ing gesang kita pribadi.
Menggah ing panimbangipun manawi mendhet kikiyasan saking murat maksuding kitab insane kamil suraosipun inggih nunggil misah kemawon kados ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika :
1. kulit punika embananing daging, dados wahananing wujud.
2. daging punika hembananing erah, dados laksananing sipat.
3. Erah punika embananing eroh, dados laksananing ketek.
4. Roh, punika embananing rahsa, dados wahananing napas.
5. rahsa punika embananing pramana, dados tanggaping raos-pangraos.
6. pramana punika embananing cahya, dados sakeping panca-driya.
7. cahya punika embananing atma, dados wimbaning ulat.
8. atma punika embananing dad, dados purbaning gesang.
9. dad punika embananing nukat gaib, dados wisesaning gesang.
10. nukat gaib punika embananing Pangeran kang sipat esa, dados sampurnaning gesang.
Manawi gerbanipun kados ingkang kasebut wonten salebeting kitab insan kamil kajarwakaken makaten :
1. badan punika wawayanganing budi.
2. budi punika wawayanganing napsu.
3. napsu punika wawayanganing roh, ingkang winastan Suksma sajati.
4. roh punika wawayanganing rahsa, ingkang winastan pramana sajati.
5. rahsa punika wawayanganing nur mohamad, ingkang winastan pranawa sajati.
6. nur mohamad punika wawayanganing akyan sabitah, ingkang winastan atma sajati,
7. akyan sabitah punika wawayanganing datolah ingkang winastan atma sajati.
Manawi kabontosaken sadaya punika kados pangandikanipun Iman Ismail ing Ngesam, kajarwakaken makaten :
Sinten ingkang purun ing ngaken sarupa kaliyan Alah tangala inggih punika sampurna makripatipun. Sinten ingkang ajrih angaken sarupa kaliyan Alah tangala, inggih punika sampurna makripatipun.
Sinten ingkang ajrih angaken sarupa Alah tangala, inggih punika tatal makripatipun, among kakendelan samanten kemawon, sumangga pamanggihing panggalihipun, angger wicaksana saestu saged anampeni ing suraosipun sadaya.
4. Wawejangan ingkang kaping sakawan, dipun yekteni, kayektening kahanan, kang maha luhur, inggih punika bubukaning tata malige ing dalem betal makmur, awit dening pamejangipun ambuka kodrat iradating Pangeran kang Maha Suci, anggenipun karsa anjenengaken maligening dad, minangka botolah, katata wonten sirahing manungsa, punika sajatosipun dados pitedahan, kayektening kahanan, satunggal-satunggal, anandhakaken kayektening dad kang maha mulya, langgeng boten kenging ewah gingsir, saking kahanan jati, kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping sakawan, nukilan saking sarah, ing kitab insan kamil, amratelakaken pangandikanipun, Pangeran kang maha suci, dhateng Kangjeng Nabi Mohamad rasulolah.
Ayat ingkang sapisan karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun ;
sajatiningsun anata malige ana sajroning betal makmur, iku omah enggoning parameyaningsun, jumeneng ana sirahing adam, kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku uteg, kang ana antaraning uteg iya iku manik, sajroning manik iku yudi, sajroning yudi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, ora ana Pangeran hangingsun dad ingkang anglimputi ing kahanan jati.
Menggah dunungipun makaten :
1. sirah punika wiosipun, kahananing betal makmur, tegesipun griya kang arame.
2. uteg kahananing kantha, anarik kahananing cahya, dados pambukaning netya.
3. manik kahananing pramana, anarik wahananing warna, dados pambukaning paningal.
4. budi kahananin pranawa, tegesipun padhanging manah, anarik kahananing karsa, dados pambukaning pamicara.
5. napsu kahananing hawa, anarik wahananing swara, dados pambukaning pamiarso.
6. suksma, kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dados pambukaning pangganda.
7. rahsa kahananing atma, anarik wahananing wisesa, dados pambukaning pangraos.
Wasiyating guru ingkang medharaken ngelmi pambukaning tata malige ing dalem betal makmur, utaminipun anglampahana boten karsa dhahar ulam utak kaliyan ulam manik, madyanipun sampun amastani polo, kaliyan manik, kabar pakantukipun ingkang sampun kalampahan, asri katarima ngelminipun, dene ingkang mesthi dipun lampah ing wajibipun punika amung ambirat nepsu hawa, menawi kalampahan makaten saestu katarima ngelminipun.
5. Wewejangan ingkang kaping gangsal dipun wastani kayektening kahanan kang maha agung, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem betal mukaram, awit dening pamejangipun ambuka kodrat iradating pangeran, kang maha suci, anggenipun akarsa anjenengaken maligening dad, minangka betolah, katata wonten dhadhaning manungsa, punika sajatosipun inggih mawi pitedahan, kayektening kahanan satunggal-satunggal, anandhakaken yektening dad kang maha mulya , langgeng boten kenging owah gingsir saking kahanan jati, kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping gangsal, inggih ugi sami nunggil lan sami kitab insane kamil, amratelakakaen pangandikanipun pangeran kang maha suci, dhateng kangjeng Nabi Mohamad rosulolah.
Ayat ingkang kaping kalih karaos ing dalem rahsa, makaten jarwanipun :
Sajatining ingsun anata malige ana betal mukaram iku omah enggon ingsun, jumeneng ana dhadhaning adamkang ana sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, yoiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, ora ama Pangeran, hangingsun dad kang anglimputi ing kahanan jati.
Menggah dunungipun makaten :
1. dhadha punika wiosipun kahananing betal mukaram, tegesipun griya kang awisan .
2. ati kahananing panca driya, tegesipun manah gangsal anarik wahananing napsu, dados wahananing napas.
3. jantung kahananing panca maya, tegesipun osiking gangsal anarik kahananing birahi, dados wahyaning kateteg.
4. budi kahananing pranawa, tegesipun adhanging manah, anarik ananing karsa, dados wahyaning pamicara.
5. jinem, inggih punikaangen-angen, kahananing grahita anarik kahananing swara, dados wahyaning pamiarsa.
6. suksma kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dados wahyaning pangganda.
7. rahsa kahananing atma, anarik kahananing wisesa, dados wahyaning pangraos.
Wasiyating guru ingkang amedharaken ngelmi, pambukaning tata maligeing dalem betal mukaram, utaminipun anglampahana boten kersa dhahar ulam manah kaliyan ulam jantung, madyaning sampun ngantos amastani angen-angen, kabar pakantukipun ingkang sampun kalampahan, asring katarima ngelminipun, dene ingkang mesti wajib dipun lampahi, punika among nyegah panguneg-uneg salebeting batos, kaesthiya panggalih trima, lila, temen, utami, menggah utami punika dumunung wontensabar derana, manawi kalampahan makaten saestu katarima ngelminipun.
6. Wewejangan ingkang kaping nenem, dipun wastanai kayektening kahanan kang maha suci, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem betal mukadas, awit dening pambuka kodrat iradating pangeran kang maha suci, anggenipun karsa anjenengaken meligening dad, minangka kabatolah, katata wonten kontholing manungsa, punika sajatosipun dados pitedahan, kayektening kahanan satunggal-satunggal. Anandhakaken kalarating dad kang maha mulya, langgeng boten kenging owah gingsir, saking kahanan jati, kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping nem, inggih nunggilan saking sarahing kitab insab kamil, amratelakaken pangandikanipun Pangeran kang maha suci dhateng Kangjeng Nabi Muhamad rasulolah.
Ayat ingkang kaping tiga makaten jarwanipun :
sajatiningsun anata malige ana sajroning betal mukadas, iku omah enggone pasukcening konthol iku pringsilan, kang anahan karaning pringsilan iku kudpah, iya iku mani, sajroning mani iku wadi, sajroning wadi iku maningkem iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, ora ana Pangeran hangingsun dad kang anglimputi ing kahanan jati, jumeneng nuakt gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam, akadiyat, wahdad, wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam asam, alam insan kamil, dadining manungsa kang sampurna, ya iku sajatining sipatingsun.
Menggah dununging manungsa makaten :
1. konthol punika wiosipun kahananing betal mukadas, tegesipun griya kang sinucekaken.
2. pringsilan kahananing purba, katumusan kahananing birahi, dados bubukaning asmara nala, inggih punika sengseming manah.
3. mani, kahananing konthol, katumusan kahananing hawa, dados bubukaning asmara tura, inggih punika sengseming sapandulon.
4. madi, kahananing warna, katumusan kahananing karsa, dados bubukaning asmara turida, inggih punika sengseming pamirengan.
5. wadi, kahananing rupa, katumusan kahananing cipta, dados bubukaning asmara nada, inggih punika sengseming sapocapan.
6. maningkem, kahananing suksma, katumusan kahananing pangrasa, dados bubukaning asmara tantra, inggih punika sengeming pangarasan.
7. rahsa, kahananing atma, katumusan kahananing wisesa, dados bubukaning asmara gama, inggih punika sengseming lutut, dene wijangipun makaten :
1. mani punika kama, ingkang maksih dados toya, warninipun surat biru.
2. madi, punika sarining mani, warninipun uwat dadu.
3. wadi, punika sarining madi, warninipun surat jenar.
4. maningkem, punika sarining wadi, warninipun pethak maya-maya kados retna.
5. nukat gaib, tegesipun wiji pepingitan, inggih punika sarining rahsa sejati.
6. juhar awal, tegesipun sesotya ingkang wiwitan, inggih punika manik, dados bananing rahsa jati sadaya, ing ngriku wahananing martabat pitu :
1. alam akadiyat, wahananing saweg kendel sawulan kasebut kiyun, dene dereng nyata ing kahananipun.
2. alkamwahdat, wahananing saweg kendel kalih wulan, kasebut kayun awal, dene wiwit sanyata ing kahananipun.
3. ngalam wakidiyat, wahananing kendel tigang wulan, kasebut takyun sani, dene sampun sanyata ing kahananipun.
4. alam arwah, wahananing saweg kendel sakawan wulan, kasebut ayan abitah, dening sanyata ing kahananipun, tetep ing kahananipun, sampun kantha janggerenging bayi.
5. alam mingsal, wahananing saweg kendel gangsal wulan, kasebut yan karijiyah, dene sanyata wedal ing kahananipun, sampun darbe sipat, ananging taksih upami kemawon.
6. alam ajasam, wahananipun saeg kendel nem wulan, kasebut ayan mukawiyah, dening sanyata gesang saking kahananipun, sampun darbe asma, dipun wastani bayi, lajeng karkat waged ebah.
7. alam insan kamil, wahananing kendel saweg pitung wulan, ngantos ing dalem wolung wulan, dumugi sangang wulan, kasebut akyan maknawiyah, dening sanyata kawedhar ing kahananipun, jumeneng sampurnaning manungsa, sampun darbe apngal, badhe lahir wonten ing ngalam donya.
Wasiyating guru, ingkang medharaken ngelmi pambukaning tata malige ing dalem betal muhamad utamenipun inglampahana, boten karsa dhahar ulam pringsilan sapanunggilanipun, madyanipun sampun ngantos amstani mani, kabar pakantukipun ingkang sampun kalampahan, asring katarima ngelmunipun, dene ingkang mesthi dipun lampahi, punika wajib among anguda-uda sare, sahwat manawi kalampahan makaten saestu katarima ngelmunipun.
Wasiyating guru manawi amedharaken rahsaning ngelmi pambukaning tata malige ing dalem betal mukadas, ingatasipun mejang dhateng pawestri wenang kiniyasaken makaten :
Ing nalika Pangeran kang maha suci karsa anata malige wonten salebeting betal mukadas, jumeneng ing baganipun siti kawa, punika ingkang wonten salebeting baga, puraga, ingkang wonten antawising puraga, reta, inggih punika mani, salebeting mani, madi, salebeting madi, wadi, salebeting wadi manikem, salebeting manikem, rahsa, salebeting rahsa punika dating atma, anglimputi ing kahanan jati.
Dene pitedahanipun makaten :
baga, timbanging konthol,
puraga, timbanging pringsilan, ing salajengipun sami kaliyan ing antawisipun amejang dhateng kakung, anggenipun amerdi supados amarsudiya ing waskhitaning sangkan paran.
7. Wewejangan ingkang kaping pitu, dipun wastani panetep santosaning iman, abebuka sahadat sejati, awit dening pamejangipun, amisik ingkang dados pikekahing pangendel kita, denira hangestokaken dhateng kayektening gesang kita pribadimanawi sampun tetep minangka tehjalining Pangeran kang maha sukci sejati, kasebut ing dalem ijemak, riwayating para waliyulah, nukil saking kadis makdus salebeting maklumatul uluiyah.
Wiosipun, anyariosaken kakekating tacit, ingkang trus dhateng iktikat, pipiridan saking cipta sasmitaning Kangjeng Nabu Muhamad rasulolah, ingkang kawangsitaken dhateng sayidina ngali, makaten jarwanipun :
ingsun anekseni, satuhune ora ana Pangeran angingsun, lan anekseni ingsun, satuhune muhamad iku utusaningsun.
Menggah dunungipun makaten : ingkang dipun wastani Pangeran punika dating gesang kita pribadi, sebab sajatosipun sagunging asya sawiji-wiji, tegese napi boten wonten, mila kasebut boten wonten Pangeran, isbatipun salebeting gesang kita pribadi, tegesipun isbat tetep, dados tetepipun ingkang anyebut kaliyan ingkang sinebut Pangeran punika boten wonten sanesipun, suraos tunggal tanpa wawangenan, among kaot lahir batin kemawon.
Ingkang dipun wastani Muhamad punika sipating cahya kita, mila dipun basakaken utusan, amargi dados panengeran rahsaning dad, kawistara wonten ing netya, kados ingkang kasebut ing dalem dalil salebeting kur’an, makaten jarwanipun :
Sayekti temen-temen teka ing sira kabeh, utusaning dad metu saka ing awakira, kang maha mulya, mungguh ing utusan iku anembadani barang ing saciptanira, yen ngandel sayekti antuk sih pangapuraning Pangeran, manawi sampjun nampeni ing dalil kur’an, ingandikanipun Pangeran kang maha sukci, makaten wau dipun waskitha ing galih, inggih gesang kita pribadi, punika wahananing nugraha, kahananing kanugrahan, nugraha punika dating Gusti, kanugrahan punika sipating kawula, tunggal tanpawawangenan, dumunung wonten wonten badan kita, sampun uwas sumelang malih.
Wasiyating guru ingkang amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, kapriyogekaken sami anglampahana boten karsa dhahar ulam lembu, kabar angsal paedah, manjing dados putra muridipun, Kangjeng Susunan ing Kudus, kaiden ingkang dados saisthining galihipun.
Wonten wirayating guru manawi amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, ing ngatasipun amejang dhateng pawestri, wenang kawewahan, makaten jarwanipun :
ingsun anekseni, satuhune ora ana Pangeran, hangingsun lan nekseni ingsun, satuhune Muhamad iku utusaningsun, patimah iku umatingsun.
8. Wewejangan ingkang kaping wolu, dipun wastani sasahidan, awit dening pamejangipun kinen asahida, dhateng kahananing sanak kita inggih punika kahananing dumadi, kang gumelar wonten ing ngalam donya kadosta :
- b u m i ,
- l a n g i t ,
- s u r y a ,
- w u l a n ,
- l i n t a n g ,
- l a t u ,
- t o y a .
sapanunggilanipun, sadaya sami aneksenana, yen ing kita mangke sampun purun anekseni jumeneng dating gusti kang maha suci, dados sipating Allah kang sajati, kasebut ing dalem kiyas, wawarahing para pandhita, anggenipun amedharaken nukilan sangking kadis makmus, salebeting maklumatul huluwiyah :
wiosipun anartani ing panetep santosaning iman, dados pamuntuning tokit, ingkang ambontos dhateng iktikat, inggih ugi pipiritan sangking cipta, sasmitaning Kangjeng Nabi Muhamad rasulolah, ingkang kawangsitaken dhateng sayidina ngali, makaten jarwanipun :
ingsun anekseni datingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran hangingingsun, lan anekseni ingsun, satuhune muhamad iku utusaningsun, iya sejatine kang aran Alah iku badan ingsun, rasul ing kurasaningsun, mohamad iku cahyaningsun, ya ingsun kang urip, ora kena ing pati, ya ingsun kang eling ora kena ing lali, iya ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir, kahanan jati, iya ingsun kang waskhita ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya ingsun kang murba amisesa kang kawasa wicaksana ora kakurangan ing pangerti, byar sampurna padhang terawangan ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, amung ingsun kang anglimputi ing alam kabeh, kalawan kodratingsun.
Menggah dunungipun makaten :
ingkang dipun wastani Pangeran, punika dating gesang kita pribadi, ingkang dipun wastani mohamad punika, sipating cahya kita pribadi, manawi ingkang kasebut muhamad ing dalem dhikir, laila hailaloh, mohamad rasulolah, tegesipun boten wonten Pangeran among Alah, ananging manawi kakekatipun ingkang dipun wastani Alah punika apngaling rasul, dumunung ing badan kita, rasul punika asmaning mohamad, dumunung ing rahsa kita, mohamad punika sipating cahya, dumunung ing gesang kita, sajatining gesang kita punika, dating Pangeran kang maha suci, punika kawasa amijilaken gesang sangking ngapejah, wijiling pejah saking ngagesang, inggih gesang kita pribadi, punika sayekti awit saking pejah, ing wekasan boten kenging pejah, dipun basakaken kayun pidareni, tegesipun sampun gesang kahanan kekalih, wonten ing alam akhir, kita gesang wonten ing alam kabir, inggih gesang sarta boten kasupen, ing dad kita kang agung, boten ewah gingsir, inggih sipat kita kang elok, boten kasamaran ing asma kita kang wisesa, boten kakirangan ing apngal kita kang sampurna, dados papuntoning tokid, ingkang bontos dhateng istikat, sampurnaning gesang kita punika boten wonten karaos, utawi tanpa katingal punapa-punapa, amung waluya sajati, lajeng anglimputi ing alam sadaya, sampun uwas sumelang malih.
Wasiyating guru ing amedharaken ngilmi sasahidan kaprayogekaken sami anglampahana sampun anyebut Alah, kaisbatena anyebut Pangeran, kabar pakantukipun ingkang sampun kalampahan, asring kadhawahan ilham, dados amewahi teranging budi, ananging wasiyating guru ingkang sami kawaleraken sadaya punika, manawi kasupen boten dados punapa, sebab sejatosipun ingkang dados hawisaning ngelmi kasampurnan punika amung napsu, manawi saged ambirat napsu hawa, sangking adat kadunungan manah awas emut, saestu manggih kamulyaning sangkan paran, sasamenipun, kados riwayating para ahli ngelmi, ingkang kasebut ing ngandhap punika :
1. ataberi suci temen, mangka pambirating durgandana ing tembe, tegesipun ganda ingkang awon.
2. angirangi dhahar nginum mangka paluluhaning raga ing tembe.
3. angawis-awisi sare sahwat, mangka paluyutaning jiwa ing tembe.
4. anguda-uda napsu wuwus, mangka panyelepaning rahsa ing tembe.
Manawi sampun lenyep rahsanipun kabar dumugining delahan, ing tembe dados cahya gumilang tanpa wawayangan ing kahanan kita kang sejati, punika ing sarehning dereng saged anglampahi piyambak, dados amung nyumanggakaken, pamanggih ing panggalih kemawon, bokmanawi kalampahan makaten, inggih walahuk alam katarimahipun.
Punika munabikating hidayat jati, ingkang pinangka pangemut-emut tumpraping pitedahan sadaya.
Bubukanipun amratelakaken riwayating kadis, manawi sampun pareg ing jaman dinten kiyamat, ing ngriku wontwn ingkang dados tandha badhe kadhatengan bangas, tegesipun utusaning Pangeran kang maha suci, andhawahaken jangji dhateng ngalam donya, awios warni malaekat jabarail, kinen amundhut sadasa pangkat, kados ingkang kasebut ing ngandhap punika :
1. amundhut berkating bumi, punika manawi isbatipun, wujuding gesang kita dados ngibarat, sudaning rupa warna.
2. amundhut adiling ratu, punika manawi isbatipun, wujuding gesang kita, dados ngibarat, sudaning paninggal, pamkarsa miwah pamirasa.
3. amundhut lomaning sugih arta, punika manawi isbatipun, wujuding gesang kita, dados ibarat, kendhoning otot, saranging erah miwah abering mani.
4. amundhut waringining pandhita, punika manawi istikatipun, wujuding gesang kita, dados ngibarat, gingsiring budi.
5. amundhut nastapaning ngawerda, punika manawi isbatipun, wujuding gesang kita, dados ngibarat wimbuh gaganing nepsu luamah, tandha badhe lerep.
6. amundhut sabaring sudra, punika manawi isbatipun, wujuding gesang kita, dados ibarat wimbuh angkaraning napsu amarah, tandha badhe sirep.
7. amundhut sihing kadang warga, punika manawi isbatipun, wujuding gesang kita, dados wimbuh murkaning nepsu supiyah, tandha badhe rerem.
8. amundhut wiranging pawestri, punika manawi isbatipun wujuding gesang kita, dados ibarat, lobaning nepsu mutmainah, tandha badhe sidhem premanem.
9. amundhut imaning mukmin, punika manawi isbatipun wujuding gesang kita, dados ngibarat gingganging suksma.
10. amundhut sasiraning kor’an, punika manawi isbatipun wujuding gesang kita, dados ibarat ingesting rahsa.
Manawi sampung kaingset rahsanipun, punika kita badhe rumaos welas dhateng angga priyangga, lajeng asring rumaos angangkat wijang raga, kaliyan suksmanipun, ing ngriku badhe angajengaken, badhe kadhatengan dinten kiyamat, tegesipun kiyamat jumeneng kaliyan prinadinipun, kawistara sangking panengeran kados ingkang kapratelakaken ing dalem sarah ing kitab bayan maot, makaten warahipun :
Menggah dunungipun panengeran punika kalih prangkat, ingkang saprangkat, anedahaken saking panengeran, sangking paninggal kita pribadi, kapratelakaken ing ngandhap punika, urutipun satunggal-satunggal :
1. ingkang rumiyin, manawi sampun asring rumaos kados sayah, anggenipun gesang utawi jeleh bosen aningali kahananing ngalam donya, tandha kirang tigang taun, kasarengan ing dalem waktu punika makaten : asring karaos mumet sirahipun tanpa karana, manawi sare asring supena kesahan mangaler, terkadhang mantun lageyanipun salebeting sare, kados lageyan angorok, lageyan kerot ing sasaminipun ingkang dados cacat sadaya, ing ngriku penggenaning prayitna, salebeting gesang kita, tegesipun dipun emut, manawi ing ngagesang punika wekasaning anemahi pejah.
2. ingkang kaping kalih, manawi sampun asring rumaos kangen dhateng ingkang sampun sami atilar donya, tandha kirang kalih taun, kasarengan ing dalem waktu punika asring keraos muneg-muneg, galihipun tanpa karana, terkadhang dados lumuh dhateng pakaremanipun, manawi sare asring supena dandos-dandos padaleman, ing ngriku panggenaning nastapa, tegesipun oleh lampah angirangi samukawis.
3. ingkang kaping tiga, manawi sampun asring wuninga ingkang boten katingal, tandha kirang sataun kasarengan ing dalem waktu makaten punika, asring karaos geter senteling janganipun, tanpa karana, terkadhang anandhang sakit, andadosaken susuting badan, aluming netya, angresing tosan, sebab dhahganing napsu luamah, sampun angangkat badhe lerem, amratandhani sudaning raos legi gurih pedhes asin sapanunggilanipun, ing ngriku panggenaning subrata, tegesipun anyangeti tapa, tarak brata, anguda-uda pakareman, anetepenan panggalih, trima, lila, temen, utami, menggah utami punika dumunung wonten sabar dirana.
4. ingkang kaping sakawan, manawi sampun asring kasat mata sawantah sipating netya kiwa pribadi, tandha kirang sangang wulan kasarengan ing dalem waktu makaten punika karaos emarlupa salebeting sarira, tanpa karana, trekadhang lampahing rah asring kendel, sebab angkaraning napsu amarah, sampun angangkat badhe sirep, amratandhani sudaning kalesonipun ing ngriku panggenaning aminta raga, tegesipun amesu budi, amejahaken sarira, anyiptaha pejah salebeting gesang, wonten ing ngalam donya.
5. ingkang kaping gangsal, manawi sampun miring ingkang boten kapiarsa, kadosta miring raraosaning jim setan miwah sato kewan ingkang tanpa karana, tandha kirang nem wulan, kaparengan ing dalem waktu makaten wau, asring karaos seseg, gumrebeg salebeting talingan kiwa, terkadhang andadosaken sudaning pamirengan, temahan boten darbe karkat. Lajeng ical papenginanipun, malah asring tanpa kawelasan, sebab murkaning napsu supiyah sampun angangkat badhe lerem, amratandhani mantuning pangesthinipun ing panggesangan, wonten salebeting ngalam donya, ing ngriku panggenaning kurmat, akaliyan kilawat, tegesipun angaji-aji, kaliyan asasaji, sapanunggilanipun, anglampahi pandamel sae, kinanthenan angatos-atos, dhateng gesang kita pribadi, inggih punika amatrapaken manising ulat, aruming wiraos, alusing solah, sageda angecani manahipun.
6. ingkang kaping nem, manawi sampun asring mambet gandaning lalembut, ambetipun kados menyan kobar mawi tuntung amis, utawi asring mambet gandaning sesakit, ingkang tanpa karana, tandha kirang tigang wulan, kasarengan ing dalem waktu makaten punika, asring keraos kekes salebeting grana, temahan andadosaken suda wedaling napas, terkadhang kados kasesa ing pangangkah boten darbe kalingseman, sabab lobaning napsu mutmainah sampun angangkat badhe sidhem premanen, amratandhani sarwa ewah sarataning sedya, ing ngriku panggenaning ngujat skaliyan istirakat, tegesipun sumingkir dhateng ing ngasepen, kaliyan kasahan namun lampah, kinanthenan ada dana dhateng para pekir miskin.
7. ingkang kaping pitu, manawi sampun asring salin ing paninggalipun, kadosta ing wulan mukaram aningali langit katingal abrit, Rabingulawal, Rabingulakir, srengenge katingal cemeng, Jumadilawal, Jumadilakir rembulan katingal cemeng, Rejeb, Saban toya katingal abrit, Ramelan, Sawal wawayanganipun katingal kalih, dul kangidah, Dulkijah, latu katingal cemeng, sadaya punika salah satunggal, tandha kirang kalih wulan, kasarengan ing dalem waktu makaten punika, netya kita pribadi katingalan pawayangan, ing ngriku panggenaning wasiyat, akaliyan riwayat, tegesipun mameling, kaliyan wawarah, kinanthenan taberi asusuci.
8. ingkang kaping wolu, manawi dariji panungguling asta, dipun bekuk kapetalaken dalah epek-epekipun, dariji panunggul ingkang boten dipun bekuk, lajeng kaangkat anjunjung darijinipun panunggul wau, tandha kirang kawandasa dinten, kasarengan ing dalem waktu punika asring karaos keju kejeng ototipun, andadosaken pating saredhot ing ngula-ula, terkadhang manawi sare asring supe suraosing supenanipun, ing ngriku panggenaning marwat akaliyan ngapiya, tegesipun pametes, akaliyan pangapunten, inggih punika animbang dhateng gesang kita, awon saening solah bawa analangsaha, lajengipun anunuwun pangapunten dhateng ingkang sami kalepatan, utawi nedha pangapunten dhateng ingkang sami rumaos kasakitaken manahipun.
9. ingkang kaping sanga, manawi asta kawawas ing netra kalih darijenipun sampun katingal kalong, ugel-ugelipun sampun katingal pedhot, tandha kirang sawulan, ing ngriku panggenanipun amatrapeken pikekahing ngelmi kasampurnan, kados ingkang kasebut ing ngandhap punika :
1.i m a n ,
2.t o k i t ,
3.m a k r i p a t ,
4.i s l a m .
1. iman, tegesipun angandel, ingkang dipun endel kodrat kita, wiosipun inggih kawasa kita pribadi, dumunung wonten ing eneng.
2. tokit, tegesipun amuhung satunggal, inggih punika amasrahaken iradad kita, wiosipun inggih karsa kita pribadi dumunung wonten ing ening.
3. makripat, tegesipun waskitha, ingkang dipun waskithani ngelmi kita, inggih punika anguningani dununging dad, sipat, asma, apngal, pakreti, anggenipun anguningani dumunung wonten ing awas.
4. islam, tegesipun wilujeng, ingkang wilujeng punika kayatipun, wiosipun inggih gesang kita pribadi, dumunung ing enget, inggih punika enget dhateng Pangeran kita pribadi, kang asipat jalal, kahar, kamal, tegesipun :
jalal, agung, ingkang agung punika datipun, dene hanglinputi ing alam sadaya,
kamal tegesipun elok, ingkang elok punika sipatipun, dene dede jaler dede estri dede wandu, sarta boten jaman boten makam, boten omah boten enggon, tanpa warna tanpa rupa.
Kahar tegesipun sesa, punika asmanipun, dene boten nama sinten sinten anjawi among naminipun pribadi, kang maha wisesa,
Kamal, sampurna, ingkang sampurna punika apngalipun, dene saged gumelar sami sanalika ing pakartinipun, sangking kawasa tanpa sangsaya.
10. ingkang kaping sadasa, manawi sampun asring katingal warnanipun piyambak, tandha kirang satengah wulan, ing ngriku panggenaning pamuja, aneges ing karsanipun kang kuwasa, patrapipun ing saben badhe sare, mawi angendelaken saniskara, pamujanipun kasebut ing ngandhap punika.
ana pujiningsun sawiji-wiji, date ya datingsun, sipate ya sipatingsun, asmane ya asmaningsun, abngale ya apngalingsun, ingsun puja ing patemon tunggal sahananingsun. Ing nalika punika ciniptaha ingkang pinuja tunggal kabapa biyung, kaki, nini, garwa, putra, wayah sasaminipun ingkang daos pelenging cipta, sageda nunggil wonten ing jaman kalanggengan.
11. ingkang kaping sawelas, manawi sampun karaos gerah, kasandhang salajengipun lumuh dhateng punapa-punapa, terkadhang boten karsa dhahar, terkadhang boten saged sare, tandha kirang pendhak dinten, ing ngriku panggenaning tobat, patrapipun manawi saweg mungu sare, mawi angendelaken saniskara, tobatipun kados kasebut ing ngandhap punika :
ingsun nalangsa marang datingsun dhewe, regeding jisim ingsunserenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun, salawase ing mengko ingsun ruwat, sampurnane ing sadosaningsun, kabeh saka ing kodratingsun.
12. ingkang kaping kalih welas, manawi sampun keraos gerahuyang saranduning sarira, ing jawi lebet sadaya, trekadhang asring andadosaken wedaling sesuker, tinja tahun akaliyan tinja kalong, utawi wedaling cacing kalung, utawi cacing dembagi, ing wekasan pucuking urat karaos asrep andadosaken teragingmani, punika tandha angajengaken pareg ing dinten kiyamat kita, among kirang tigang dinten ing ngriku panggenaning saksi, dhateng dad kita pribadi, mawi angendelaken siniskara, anggenipun anekseni kasebut ing ngandhap punika :
ingsun anekseni datingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran, nanging ingsun anekseni ingsun, satuhune mohamad iku utusaningsun, ya sajatine kang aran Alah iku badaningsun, rasul ing kurahsaningsun, mohanad iku cahyaningsun, kang uripe ora kena ing pati, iya ingsun kang eling ora kena ing lali, iya ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir, ing kahanan jati, iya ingsun kang waskitha ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya ingsun kang murba amisesa, kang kawasa wicaksana, ora kakurangan ing pangreti, byar padhang terawangan, ora ana apa-apa, nanging ingsun kang hanglimputi ing alam kabeh, kalawan kodratingsun.
13. ingkang kaping taga welas, manawi sakalire babahan hawa sanga, sampun karaos amedal angin, sangking lebeting sarira, pinika terkadhang kita badhe rumaos melas, tandha meh hangangkat pareking dinten kiyamar kita, among kirang kalih dinten, ing ngriku panggenanipun anucekaken sakathahing anasir, tegesing anasir bangsa, inggih punika bangsaning kak, ingkang dumunung wonten ing dad, sipat, asma, apngal,kadosta anasir badan asal saking bumi, latu, angin, toya, punika aniptaha suci, mulya, mantuk dhateng asalipun sampurnaha, anunggil kaliyan nasiring roh, ingkang sumandha wonten kahananing wujud, ngelmi nur, suhut, tegesing wujud, wahana, inggih punika erah, amargi roh punika dados kanyatahaning roh, tegesing ngelmu paninggal, inggih punika paningaling netya, balaka : amargi paningal punika dados pamawasaning roh.
Tegesipun nur, cahya, inggih punika anglimputi ing sarira, amargi cahya puniak dados pratandhaningroh.
Tegesipun suhut, saksi, inggih punika napas, amargi napas punika dados saksining roh, dene anggenipun nucekaken mawi angendelaken saniskara, lajeng kasebut salebeting cipta makaten, ingsun anucekaken, sakaliring anasiringsun kang bangsa jasmani, suksci mulya sampurna, anunggal kalawan sakaliring anasiringsun, kang abangsa rohani, nirmala waluya, ing kahanan jati dening kodratipun.
14. ingkang kaping kawan welas, manawi ototing ugel-ugel suku kita sampun kendho, utawi saranduning sarira kiwa sampun samimedal riwe sadaya ing rahinten dalu ngantos kumyus kados riwening kasayahan, terkadhang kita darbe rumaos sampun angangkat wijang raga kaliyan sukmanipun, tandha sampun andungkap pareking dinten kiyamat kita, amung kirang sadinten, ing ngriku panggenanipun angawinaken badan kaliyan nyawa, mawi angendelaken saniskara, lajeng kasebut ing salebeting cipta makaten :
Alah kang kinawin, winalenan dening rasul, pangulune mohamad, saksine malaekat papat, ya iku ingsun, kang angawin badan ingsun, sapatemon kalawan sukmaningsun winalenan dening rasaningsun, kaunggahake dening cahyaningsun, sinaksenan dening malaekatingsun papat, jabarail, iya iku pangucapingsun, mikail, pangambuningsun, israpil, paningalingsun, ngijrakil, pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka ing kodratingsun.
15. ingkang kaping gangsal welas, manawi gepok kulitipun sampun boten karaos, pera kumrisik, andadosaken asrep, utawi keteg ingkang wonten ugel-ugeling asta sampun boten wonten, andadosaken oncatipun, pramayaning kanaka, sarta pramaning tingal sampun sepen, andadosaken rupeging pandulu, rengating imba utawi garebeging talingan sampun kendel, andadosaken peteng sanalika, ing wekasan garinggingen kang sarira, lajeng mambet gandaning nyawa, punika tandha sampun mancat ing dinten kiyamat, kita badhe jumeneng pribadi wonten ing kahanan kita kang sejati, nanging manawi kirang awas emut, terkadhang sisip tembiripun kalintu ing pangangkah kita, sabab ingkang nalika punika panggenanipun kadhatengan rancana saking sadherek kita sakawan gansal pancering pantaran kita ingkang dumunung wonten ing badan kita pribadi, sami katingal adamel aru biru dhateng ing kahanan kita, kados ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika :
1. puser, katingal kados celengan, segawon awarni cemeng, punika ngibaratipun dinten kiyamating jagad, kaupamakaken dhatenging jajalanat.
2. erah, katingal kados kalabang, awarni abrit, punika ngibaratipun ing dinten kiyamating jagad, kaupamekaken dhatenging kala bangkures.
3. ari-ari, katingal kados sawernaga awarni jenar, punika ngibaratipun ing dinten kiyamating jagad, kaupamekaken dhatenging : dat batur aril.
4. kawah, katingal kados danawa, awarni pethak, punika ngibaratipun ing dinten kiyamating jagad, kaupamekaken dhatenging yakjujawa makjuja.
5. mar kaliyan marti, katingal kados tiyang jaler estri, abusana sarwa ijem, punika ngibaratipun ing dinten kiyamating jagad kaupamekaken dhatenging maruta maharuta (aruta-mawaruta).
Riwayatipun manwi dinten kiyamating jagad, dhatengipun babasaning jajalanat, gangsal prakawis, wau, ing tembe badhe angaru biru, damel karisakan saisining jagad sadaya, lajeng kasirnakaken dening para rijalulah gaib, inggih punika ngalirosul ngalam sadaya 9 :
1. Kangjeng Nabi Kilir,
2. Kangjeng Nabi Ismail,
3. Kangjeng Nabi Armiya,
4. Kangjeng Nabi Ngisa,
5. Sayid Ngumar Ipnu Uniyah,
6. Seh Wahis,
7. Sayid Mohamad Kanapiyah,
8. Seh Senan,
9. Seh Malaya.
Menggah ing dinten kiyamat kita pribadi, dhatenging rancana saking sadherek kita sakawan, gangsal pancering pataran kita, ingkang dumunung wonten badan kita pribadi, punika panangkisipun among anampekaken rahsaning jati wisesa, tegesipun anguniraken angen-angen, inggih punika budi santosa, pamuntonipun kawengku sangking solah bawa, ing saben solah bawa anteng bawa kita jatmika, ingkang dados murgamaning kiyamat kita, ing ngriku lajeng karuwata, mawi angendelaken saniskara, pangruwatipun kados ing ngandhap punika :
Ingsun angruwat kadang ingsun papat kalima pancer, kang dumunung ana badan ingsun dhewe, mawartika kang kawah adhi ari-ari getih puser, sakehing kadang iungsun kang ora katon, lan kang ora karawatan, utawa kadang ingsun kang metu saka marga ina, sarta kadang ingsun kang metu bareng sadina kabeh, padha sampurnaha, nirmala waluya ing kahanan jati, dening kodrat ingsun.
Manawi sampun makaten, nunten komesar raosing galih kita, kados amirengaken karengesing wuluh gerit, andadosaken sumelanging cipta, lajeng kaedhat-edhaten ing kaengetan kita, andarbeni panginten manawi badhe dumugi ing jangji, temahan kendho adaning karsa, ing ngriku dipun tatag sarta santosa, salebeting galih kita lajeng anyipta lancat dhateng gesangaken araning tanarju arki, mawi angendelaken sansiskara, pamancatipun kasebut ing ngandhap punika :
ingsun amancat saka ing ngalam insane kamil, tumekaha marang ngalam ajasam, nuli tumeka marang ngalam missal, nuli tumeka marang ngalam arwah, nuli tumeka maring wakidiyat, nuli tumeka maring wahedat, nuli tumeka marin wakidiyat, nuli tumeka maring ngalam insane kamil maneh, sampurna padhang terawangan saka ing kodratingsun.
Manawi sampun makaten, nunten kokonanging netra kita pating kalepyur, sami medal tanpa antawis, amratandhani timbuling cahyanur muhamad, kawistara gumilang-gilang wonten ing wedana kita, ngalamat badhe binuka ijabing Pangeran kang Maha Suci, meh katingalipun sakathahing cahya, ing ngriku lajeng nyiptaha pambirat asaling cahya satunggal-satunggal, kasampurnakaken sangking kodrat kita, supados sampun kalimputan dening cahya, ingkang sami andadosaken murgamaning sangkan paran, makaten pambiratipun, salebeting cipta mawi angendelaken saniskara.
Cahya ireng kadadeyaning napsu luamah, sumurup maring cahya abang, cahya abang kadadeyaning napsu amarah, samurup maring cahya kang kuning, cahya kuning kadadeyan nepsu supiyah, sumurup maring cahya kang putih, cahya putih kadadeyaning nepsu mutmainah, sumurup maring cahya manca warna, cahya mancawarna kadadeyaning pramana, sumurup maring dating cahyaningsun kang wening, mancur macorong gumilang tanpa wawayangan, byar sampurna padhang terawangan, ora ana katon apa-apa, kabeh-kabeh padha kalimputan dening datingsun, saka ing kodratingsun.
Ing nalika punika upami wonten ingkang keraos punapa-punapa, ing badan kita, angusapa puser kaping tiga, upami kraos liwung kados wuru, angusap jaja kaping tiga, ing ngriku lajeng tata-tata kados ing ngandhap punika patrapipun :
1. wiwit sedhakep suku tunggal, anutupi babahan hawa sanga, darijining asta sami antuk selaning dariji kados angapurancang, jempolipun aben sami jempol, lajeng tumumpang ing jaja, den leres sipatinipun lawan tangahing jaja, salonjoring suku awit jempol suku kapanggihaken sami jempol suku den papak, polok kapanggihaken sami polok, den gathuk, dhengkul kapanggihaken sami dhengkul, den rapet, pajaleran sapalandhunganipun sinipat kaliyan jempol suku, sampun ngantos katindhiyan.
2. nunten amawas pucuking grana, den sipat ing jaja dumugi ing puser, ing pajaleran, ing jempol suku, lajeng angeningaken cipta supados santosa, sampun ngantos sumelang ing galih.
3. nunten hangeremaken netra, ingkang alon, angingkemaken lathi kang dhamis, waja gathuk sami waja kang aradin, lidhah kabekuk manginggil, kapadataken ing cethak, inggih punika anadhahaken rahsaning atma kita, sampun wiwit alelampah, sangking ngandhap sumengka manginggil, ing ngriku lajeng analangsa datira pribadi.
4. nunten anata panjing wijiling napas, ing sanalika lajeng wiwit anyipta matrapaken panjenen ganing dad, kados kasebut wonten ing sarah ing kitab karikul ngain, mupakat kaliyan suraosing kitab ngudatul anwar, ing dalem ngabngakidatul tokit, kaprasabenaken ing ngandhap punika warahipun :
yogya kawikanana, sakathahipun ingkang sipat kawula punika yekti kadunungan ngaral, basariyah, sarwa sami anandhang jiwa liyah sadaya, tegesipun papalanganing manungsa, punika sami kenging ewah gingsir, inggih punika dados pratandhanipun apesing kawula, kayektosan salebeting adam kumi, asring mawi supe, sarta angraos kadhatengan cahya, ingkang andadosaken murgamaning sangkan paran, katingalipun sangking pangraossing pramana, awit kala angangkat badhe keraos ingsetipun rahsaning atma kita, raosipun saranduning badan kita, keri pating gariming kados wuruning apyun, ing ngriku amegeng napas sangking watawis dangunipun, sarta mawi angendelaken saniskara, lajeng anyipta pasang pangasiyan, dhateng para tumitah sadaya, kados ing ngandhap punika :
Sakehe titah ingsun kabeh, kang padha dulu kang padha karungu, padha asih welasa marang ingsun, saka ing kodratingsun. Nunten pamegenging napas kawedalaken sangking lenging grana kang alon, sampun ngantos kasesa, manawi sampun sareh amegenga napas malih sangking sak watawis dangunipun, sarta mawi angendelaken saniskara, lajeng anyipta pasang kemayan, dhateng para makluk, ingkang sami angaru biru, utawi boten angendahaken, dhateng jisim kita.
Sakehing makluk ingsun, kabeh kang padha ora ngendahake maringsun, padha kaprabawa ing kamayan dening kodratingsun.
Nunten pamegenging napas kawedalaken lenging grana malih ingkang alon, sampun ngantos kasesa.
Manawi sampun sareh pamegenging napas malih saking sawatawis dangunipun, inggih mawi angendelaken saniskara, lajeng nyipta anarik dhateng para akrab, sapanginggil sapangandhap, ingkang sami sampun ajal, kasampurnakaken kados makaten :
yoganingsun sapandhuwur sapangisor kabeh, kang padha mulih ing jaman karamate ngalame dhewe-dhewe, padha sukci mulya, sampurnaha kaya ingsun, saka ing kodratingsun.
Nunten pamegenging napas kawedalaken sangking lenging grana malih kang alon sampun ngantos kasesa.
Manawi sampun sareh amegenga napas malih, sangking sawatawis dangunipun, inggih mawi angendelaken saniskara, lajeng nyiptaha ambabar, karaharjaning turas, dumunung dhateng tedhak turun kita, ingkang sami kantun sadaya, kados makaten :
turas ingsun kang maksih kari ana ing ngalam donya, kabeh padha nemuha suka bungah sugih singgih aja ana kakurangan, rahayua salameta sapandhuwure sapangisore saka ing kodratingsun.
Nunten pamegenging napas kawealaken lenging grana malih, kang alon sampun ngantoas kasesa, manawi sampun sareh amegenga napas malih sangking sawatawis dangunipun, inggih mawi angendelaken saniskara, lajeng anyiptaha ngukut gumelaring ngalam donya, kasampurnakaken kados makaten :
ingsun andadekake ngalam donya, saisen-isene kabeh iki yen wus tutug wawangene ingsun kukut mulih mulya sampurna dadi sawiji, kalawan sahananingsun maneh saka ing kodratingsun.
Nunten pamegenging napas kawedalaken lenging grana malih kang alon sampun ngantos kasesa, lajeng pasrah analangsa dhateng dhat kita pribadi.
Ing nalika punika angangkat karaosing ingsetipun rahsaning atma kita, raosipun saranduning badan kita pating parinding mawi mangkirig, sarta mandiring kados ajrih, boten antawis dangu dalamakan kita asrep, mawi kami semuten, lajeng wonten ingkang katingal sangking kraosing pramana mawi papangkatan, kapratelakaken ing ngandhap punika angkat-angkatanipun :
1. kang saangkatan wiwitan, mawi rahsaning atma karaos mingset, awit sangking jempol suku kiwa tengen lajeng katingal sangking pangraos kados wonten kukus cemeng medal saking badan kita pribadi, punika amratandhani larating erah kita kang asurat cemeng, ing ngriku narika napas, sangking sawatawis dangunipun, sarta mawi angendelaken saniskara, lajeng nyiptaha ngracut jisim kita, kados makaten :
jisim ingsun kang kari ana ing ngalam donya, yen wis ana ing karamat kang maha mulya, wulu, kuku, kulit, daging, getih, balung, sungsum, sapanunggalane kabeh, asale saka ing cahya, muliha marang cahya, sampurnaha bali barang ingsun maneh, saka ing kodratingsun.
Nunten panariking napas kawedalaken sangking lenging grana malih kang alon.
Sasampunipun makaten, rahsaning atma kita karaos kandel wonten ugel-ugeling suku sakaliyan, ing nalika punika waktunipun kadhatengan cahya, mijil saking badan kita pribadi, warni kados ebun, kalamun mega pethak, salebetipun cahya katingal sipating rurupan, wujud manungsa pethak, abusana, sarwa jenar, wuwusipun angaken nama, malaekat, utusaning para Nabi, poma sampun ngantos kaimanaken, ing sawiraosipun, sabab punika wawayangan dating uteg kita, wimbuh dhateng soroting manah kita pribadi, ing ngrikuanarika napas saking sawatawis dangunipun, sarta mawi angendelaken saniskara, lajeng anyiptaha musus budi kita kados makaten :
budiningsun kang metu sangking ati maknawi, ati sanubari, ati suweda, ati puat, ati siri, sapanunggalane kabeh, ingsun wus dadi sawiji, dumunung sajroning angen-angen, angirub karkating jasat, saka ing kodratingsun.
Nunten panariking napas kawedalaken lenging grana malih kang alon, lajeng pasraha nalangsa dhateng dad kita pribadi.
2. Ingkang saangkatan kaping kalih, manawi rahsaning atma kita, karaos mingset malih, awit sangking ugel-ugeling suku sakaliyan, lajeng katingal sangking pangraos kados wonten kukus abrit, medal saking badan kita pribadi, punika amratandhani larating erah kita, kang asipat abrit, ing ngriku anarika napas saking sawatawis dangunipun, sarta amawi angendelaken saniskara, lajeng anyipta amuntu napsu kita kados makaten :
Napsuningsun, luamah, amarah, supiyah, mutmainah, sagagawane kabeh, ingsun puntu dadi sawiji, dumunung sajroning karsa, angirup karkating budi, saka ing kodratingsun.
Nunten panariking napas kawedalaken lenging grana malih ingkang alon, lajeng pasrah dhateng dat kita pribadi.
Sasampunipun makaten rahsaning atma kita, karaos kendel wonten ing jengku, lekas anarik keteging suku sakaliyan, ing nalika punika wancinipun kadhatengan cahya mijil saking badan kita malih, salebeting cahya katingal paksi, warnanipun kados tawon, wuwusipun angaken burak, amalampah katitiyan dhateng swarga, poma sampun ngantos kaimanaken, ing sawiraosipun, sabab punika wawayanganing dating manik kita pribadi, wimbuh dhateng soroting jantung pribadi, ing ngriku anarika napas saking sawatawis dangunipun, sarta mawi angendelaken saniskara, lajeng nyipta angimpun roh kita kados makaten :
roh ingsun mani, nabati, napsani, rohani, nuragni, ilapi, sapanunggilanipun kabeh, ingsun impun dadi sawiji, dumunung sajroning sedya, angirup karkating napsu, saka ing kodratingsun.
Nunten panariking napas kawedalaken saking lenging grana malih kang alon, lajeng pasraha nalangsa dhateng dhat kita pribadi.
3. Ingkang saangkatan kaping tiga, manawi rahsaningatma kita, karaos mingset malih, awit sangking jengku sakaliyan, kasarengan narik rahsaning atma kita, ingkang karaos mingset sangking panungguling dariji asta, kiwa tengen lajeng katingal saking pangraos kados wonten kukus jene, medal saking badan kita pribadi, punika amratandhani larating erah kita kang samburat jenar, nunten ing saantawis rahsaning atma ingkang mingset saking jengku karaos kendel wonten ing walakang, sareng kaliyan rahsaning atma kita, ingkang mingset sangking panungguling dariji asta kiwa tengen, karaos kendel wonten ugel-ugeling asta kalih pisan, ing nalika punika waktunipun kadhatengan cahya, mijil saking badan kita malih, salebeting cahya katingal kados wonten tiyang jaler abagus warnenipun paningal kados kilat, wuwusipun gegirisi, peksa damel gara-godha, lesanipun tansah medal latu, kaswara kados gelap, poma sampun ngantos kagingsir ing cipta, sabab punika wawayangan dating budi kita pribadi, ing ngriku anarika napas sangking sawatawis dangunipun, sarta mawi angendelaken saniskara, lajeng anyiptaha, nuntumaken rahsa kita, kados makaten :
rahsaningsun kang tumerah saka ing siribtadi, sirkahari, sirkamali, sirngaji, sirkakiki, siwahdi, ingsun tutupake dadi sawiji, dumunung sajroning cipta, angirup karkating roh saka ing kodrat ingsun.
Nunten anarika napas malih kawedalaken sangking lenging grana kang alon, lajeng pasraha nalangsa dhateng dat kita pribadi.
4. Ingkang saangkatan kaping sakawan, manawi rahsaning atma kita karaos mingset malih, ingkang sangking walakang kasarengan anarik rahsaning atma kita, ingkang karaos mingset awit saking pucuking urat, sareng lawan rahsaning atma kita, ingkang mingset sangking ugel-ugeling asta kalih pisan, lekas tarik keteging asta sakaliyan, lajeng katingal saking pangraos kados wonten kukus pethak, medal saking badan kita pribadi, punika mratandhani larating erah kita kang semu pethak.
Nunten rahsaning atma kita ingkang medal saking walakang kaliyan medal saking pucuking urat sami karaos kendel, wonten ing puser, ingkang saking ugel-ugeling asta sakaliyan karaos kendel wonten sikut kalih pisan, boten antawis dangu napas kita wiwit suda among kantun kawan keketeg, leres, sabab ingkang kasebut ing kitab kayatun nyupus, etangipun napasing tiyang ingkang sareh, punika ing dalem ambeg gangsal tengah keteg, ing dalem kalih ambegan dados sangang keteg leres, ing nalika punika waktunipun kadhatengan cahya mijil saking badan kita malih, alimengan kados petenging dalu, melebeting cahya katingal kados kaca, salebeting kaca wonten katingal awarni setya gumilang, salebeting setya, katingal wonten tiyang estri, semunipun kados ngancarani, poma sampun ngantos kagimiren ing cipta, sabab punika wawayangan dating napsu kita pribadi, ing ngriku sampun dungkap dumugining jaman karamatolah, dipun saranta, anarika napas saking sak watawis dangunipun, sarta mawi angendelaken saniskara lajeng nyiptaha, angumpulaken kawula gusti kados makaten :
ingsun dating gusti kang asipat esa, anglimputing ing kawulaning sun, tunggal dadi sakahanan, sampurna sakodrating sun.
Nunten anarika napas kawedalaken kenging grana malih kang alon, lajeng pasrah dhateng dad kita pribadi, ingkang analangsa.
5. Ingkang saangkatan kaping gangsal, manawi rasaning atma kita karaos mingset malih, awit saking puser manginggil, lekas anarik keteging pajaleran, manawi estri keteging baga, sareng kaliyan rahsaning atma kita, mingset malih saking sikut kalih pisan, lajeng katingal saking pangraos kados wonten kukus ijem, medal saking badan kita pribadi, punika amratandhani larading erah kang asorot ijem, nunten saantawis rahsaning atma kita ingkang mingset ingkang saking puser, karaos kendel, wonten jaja ingkang saking sikut kalih pisan, karaos kendel wonten ing sasalang, lajeng anunggal wonten samadyaning jaja, boten antawis dangu napas kita suda malih, among kantun tigang keteg, ing nalika punika waktunipun kadhatengan cahya, mijil saking badan kita malih, warninipun kados mega, angadeg saking pulung galih dumugi ing sirah, salebeting cahya katingal, wonten sipating rurupan warni-warni, tanpa etangan, sami anami malaekat, badhe amethuk ing kita, poma sampun ngantos kenyut ing cipta, sabab punika wawayangan dating suksma, kita pribadi, ing ngriku sampun wiwit ngambah salebeting jaman ramatolah, dipun santosa.
Nunten anarika napas saking sak watawis dangunipun, sarta mawi angendelaken saniskara, lajeng nyiptaha angrakit karatoning dad kita, kang maha mulya, kados makaten :
ingsun dad kang maha luhur, jumeneng ratu agung, amurba amisesa, kang kawasa, andadekaken karatoning sun, kang agung kang maha mulya, ingsun wengku sampurna sakapraboning sun, sangkep saiesen-isene karatoningsun, pepak sabalaning sun kabeh, saka ing kodrating sun.
Nunten panariking napas kawedalaken lenging grana malih kang alon, lajeng pasrah analangsa dhateng dad kita pribadi.
6. Ingkang saangkatan ingkang kaping nem, manawi rasaning atma kita, karaos mingset malih, awit saking samadyaning jaja, lajeng katingal saking pangraos, kados wonten latu sumirat medal saking jaja kita pribadi, punika amratandhani oteripun sakaliring jaringan kita salebeting guwa garba, sami sumengka dhateng manah, lajeng maras kita tumangkep, ing galih lajeng dadosaken seseging ing napas, among kantun kalih keteg, temahan amurugaken keleting jelagra, ing ngriku narika napas saking kiwa tengen kakumpulaken wonten ing puser, lajeng katarik manginggil leres kang alon, kendel tinata wonten ing jaja, dipun enget sampun ngantos tumpang suh, kumpuling napas, tanapas, anpas, nupus, napas punika katatangsuling jisim, dumunung wonten ing manah sweda, tegesipun wonten ing manah, wahananipun dados angin kang medal saking badan kemawon, marginipun saking lesan, tanapas punika tatangsuling manah, dumunung wonten puser, wahananipun dados angin, kang manjing dhateng badan kemawon, wedalipun saking grana, anpas punika tatangsuling roh, dumunung wonten ing jantung, wahananipun dados angin, kang tetep wonten ing lebet kemawon, manawi medal saking talingan. Nupus punika tatangsuling rahsa, dumunung salebeting manah, puat kang pethak, inggih punika wonten woting jejantung, wahananipun angin kang medal angiwa nengen, kang saking badan anunggil kaliyan keketeging jangga, pakartinipun anglimputi sakaliring jasmani, kaliyan rohani, manawi sampun kumpul dados satunggal, napas, tanapas, anpas, nupus wau lajeng katarik manginggil ingkang alon, dumugi ing tenggak punika kaparenganrahsaning atma kita, ingkang mingset saking samadyaning jaja, karaos kendel wonten ing ngriku, lajengnyiptaha, maha sucekaken ing dad kita, kados makaten :
ingsun dad kang maha sukci, asipat langgeng kang murba kang misesa kawasa, kangsampurna, nirmala waluya ing jatiningsun, kalawan kodratingsun.
Nunten panariking napas kawedalaken lenging grana malih, kang alon, lajeng pasrah analangan dhateng dad kita pribadi, boten antawis dangu napas kita suda malih, amung namung kantun saketeg, tegesipun sareng kemawon kaliyan ebahing keteg kita.
Ing nalika punika waktunipun kadhatengan cahya, mijil saking badan kita malih, agengipun amung sarikma, katingal angaeg ing larapan kita, nunten manjing dhateng netra, tumurun dhateng karna, dhateng grana, dhateng lesan, dhateng urat, medal malih katingal kados lintang, minggah dhateng puser, lajeng anurut dhateng jaja, dhateng jangga, dhateng bun-bunan, kasat mata saking salebeting cipta, manjing dhateng uteg, lajeng wonten ingkang katingal lenggah, arah ing tengen kita, angaken nama, malaekat, badhe medalaken cahya, saking salebeting uteg, kabekta dhateng kalaratolah, ing ngriku sampun ngantos kasupen, sarta dipun prayitna, bokmanawi manjing dhateng ing dalem jaman panasaran, sabab punika wawayangan dating rahsa kita pribadi.
Sasampunipun makaten rahsaning atma kita karaos mingset malih, awit saking tenggak tumindak salebeting utamangga.
Ing nalika punika lajeng kaengetaken saliring jangli, akaliyan prasetya sabab sampun sarwa suci, boten kalimputan dening rereged ing lahir batin.
Menggah liring janji akaliyan prasetya wau kasebut ing dalem kitab bayan nungadi, ingkang mratelakaken waktuning dinten janji, inggih punika ing nalika alam arwah, rahsa, nyawa, napsu, sami janji badhe boten pisah, lajeng aprasetya sowang-sowang ing tembe dumugining jangji badhe sampurna sareng akaliyan kanyatahaning datipun pribadi.
1. Kanyatahanipun dating rahsa tumanggap ing dalem raos, asrep ing sapanunggilanipun.
2. kanyatahanipun dating nyawa, tumanduk ing dalem lampahing erah andadosaken tuwuh ing wulu, kuku, waja, miwah, mindhak lumusuring kulit, daging.
3. kanyatahanipun dating napsu, gumelar ing dalem menga minep ing badan hawa sanga, andadosaken panjang wijiling napas, miwah sabawaning swara.
Sareng lahiring babayi saking guwa garba, punika kayektening sadaya kalampahan, ing sasampunipun sami sanggem-sinanggeman, lajeng kapiarsa tangising babayi, dene dhawahing janji kala taksih alam, arwah, lami enggalipun dumugining janji mawi katandha wonten nitihaning bapa, biyung, sareng tumuwuh dadados babayi, panengeranipun wonten surating larapan, kalayan rajah ing asta, pada, manawi ingkang sampun waskitha ing gaib, saestu sumerep ing suraosipun, sadaya, sasampunipun makaten, nunten anarika napas ing sakuwawinipun, sarta mawi angendelaken saniskara, ing ngriku lajeng nyiptaha, ngaken tajalining Pangeran kang maha suci, pangekanipun kados wiwisikaning dad, inggih punika ingkang kadamel wiwitaning wiwijingan, makaten osikipun ing dalem cipta.
Ing ngriku narika napas ing sakuwawenipun , sarta mawi angendelaken saniskara, lajeng anyiptaha, ngaken sajatining dad, inggih punika kang kadamel amejang, wisikan ananing dad , kados makaten :
Sajatining ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung, during ana sawiji-wiji, kang ana dhingin ingsun , ora ana pangeran nanging ingsun sejatining dad kang maha suci , anglimputi ing sipatingsun anartani inmg asmaningsun , amratandhani ing apngalinsun.
Ing nalika punika napas kita sampurna, among kantun keteteg ing tenggake kemawon , amratandhani kukuding erah kita sadaya akumpul dados satunggal asipat rahsa sejati mawa cahya, amung sapucuking tugi, nanging hamadhangi alam sedaya, sarta darbe swara, kados guntur kapiarsa, saking pangraos kita pribadi, tanpa antawis lajeng katingal minggah dhateng sirah, wungkul wonten unyeng-unyengan , kasebut kala munyeng, tegesipun sabda gaib , manjing dhateng embun-embunan , manggen salebeting uteg , kasebut kalam sirah, tegesipun sabda ing dalem cipta, ing ngriku kaciptaha licin mantuk dados nukat gaib , tegesipun lajering jasmani, kaciptaha luluh dados toya, nunten kaciptaha luyut dados nyawa, lajeng kaciptaha alenyep dados rahsa , nunten kaciptaha layat dados cahya, gumilang tanpa wawayangan, ing kahanan kita kang sejati.
Sasampunipun makaten keteg kita sampurna, amung kantun keteg ingkang wonten salbeting jejantung kemawon , lajeng keraos walikaten salir anggotaning salira, sami keju linu sadaya, andadosaken netra bawur, kedhep kendel, talingan pengleh, grana mingkup , lidah mangkeret , ing wekasan cahya surem, swara sirna, boten saget aningali , amiarsa , angganda, amiraos, sagedipun amung kaliyan cipta kemawon, ing nalika punika sirnaning hawa kita sedaya, kadosta hawa janca, hawa sato wama , hawa ibr-iberan, hawa gegremetan, hawa bubujengan toya, ingkang dumunung ing dalem sukita, sirnanipun sami medalsaking sulbi kita pribadi, tegesipun iga wekas kita kang kiwo, ing ngriku manawi nyipta cancuding amatrapaken panjenenganing dad kita, angger enget salebeting cipta kemawon, patrapipun sadaya wau, inggih sampun cekap, sebab salebetipun jaman karamatolah , punika waktunipun makam ijabah, tegesipun panggenan katarima, punapa saciptanipun dados, amargi sampurnaning mudah kantun wajah, mudah punika dading kawula sampurnaning anungggil wajah (wajah punika dading gusti kang asipat langgeng) . Sampurnanipun dados sipat esa wonten jaman kalanggengan . Mengggah liripun amung saged kaliyan cipta kemawon, wau dene sampun kinukut tataning sarengat, tarekat, kakekat, makripat.
Sarengat punika, lampahing badan, dunungipun ing lesan, tarekat lampahipun ing manah, dunungipun ing grana.
Kakekat lampahipun ing nyawa, dunungipun ing talingan.
Makripat punika lampahing rahsa, duningipun ing netra, mila sajatosing sarekat punika lesan, tarekat grana, kakekat talingan, makripat netra, dene kang kinukut rumiyin paningal netra kaupamekaken bawuring kacawirangi dados lamur utawi asating toya janjam.
Nunten pamiarsaning talingan, kaupamekaken rentahing godhong sajaratil mustaha dados tuli utawi kasrah ing kajar aswat, nunten panggandaning grana kaupamekaken gunturing wukir ikrap, utawi rebahing hardi tursina, punapa dene sigaring wukir jabir, sirah ing jurang mukadasi tuwa, ndadosaken bindheng.
Nunten pamiraosing lesan dados polo kaupamekaken bibrah ing wot siratul mustakim, utawi risaking katbahtolah, ing nalika punika, keketeging jejantung sampurna, amung kantun keteg salebeting uteg kemawon, lajeng karaos nikmat salir anggotaning sarira sadaya, anglangkungi nikmating sanggama, kala mangsanipun angedalaken rahsa, amargi awit binuka ijabing Pangeran, waktunipun sinaning warana, lajeng katingaling jaman karamatolah, tegesipun jaman kamulyaning Alah, pangraosipun ing dalem adam kukmi dhatengipun sakathahing cahya, kang sami anglimputi dating karaton, amawa tandha kapiarsa salebeting cipta, kados wonten swara rame surak ambal-ambalan, sampun ngantos kaget, sabab punika kumaraning hawa kita ingkang sampun sami sirna, dados sampurna, ing ngriku amung musthiya pupuntoning tekat kang santosa, kados ngibaratipun aksara Alib kang ngajabar, jer, apes, ungelipun : a , i , u , tegesipun aku iki urip, lajeng anyiptaha brata ing dad, supados sampun kaengetan ingkang kantun sadaya. Ing nalika punika boten mawi antawis lajeng byar katingal ing ngalam kabir, kados ingkang sampun dados wasitanipun Kangjeng Sunan ing Kalijaga, mratelakaken ingkang kaleksanan ing salebeting jaman karamatolah, kayektosan ing dalem adam kukmi, katingal saking pangraos kados ing ngandhap punika :
1. Ingkang rumiyin awit katingal ing ngalam rohkiyah, tegesipun ngalaming nyawa, apadhang dede padhanging rahina, tanpa keblat wetan, ler, kidul, kilen, tengah, ngandhap, nginggil, ing ngriku aningali saganten tanpa tepi, punika wahananing manah, kawimbuwan cahyaning uteg, satengahing saganten katingal wonten duryat, panca maya, tegesipun sesotya, saking osik gangsal warni, kados teja gumilang warnanipun, punika wahananipun jantung, kawimbuwan cahyaning johar awal, inggih punika manik, ingkang panca maya lajeng nglimputi jatining manah, dados pangarsaning sarira, jumeneng wonten telenging samodra tanpa tepi wau, empanipun amung angawasaken amung dumunung wonten ing cipta, papanipun amung anyindikaken, amung dumunung wonten ing paningal, pamiarsa pangganda pamiraos, miwah pangraos, salebeting cipta, lajengrupa janma dipun wastani muka sipat, dene kuwasanipun amung anuntun sakaliring sipat sadaya, ing nalika punika sampun ngantos kasamaran dhateng panengeraning rupa ingkang sajati, inggih rupa kita pribadi, jumeneng alam muta kalimun wakit, teges sipat kang angandika sakedhap tanpa karana lesan, ing ngriku dipun mantep ing iktikat, sabab wawayanganing roh, sampun angatingali salebeting pramana, inggih roh kita pribadi, sampurnanipun anunggil kahanan dhateng nalaming rahsa, inggih rahsa kita pribadi.
2. Ingkang kaping kalih, sasirnaning ngalam roh kiyah, katingal ngalam siriyah, tegesipun ngalaming rahsa, padhangipun anglangkungi padhanging ngalam roh kiyah, ing ngriku dhateng cahya kawarni, cemeng, abrit, jene, pethak, punika wahananing budi, amedalaken wahananing hawa napsu, hawa kawan prakawis, ingkang sami dados murgamanipun rasaning manah, katingalipun tumaruntun satunggal-satunggal.
Ingkang wiwit katingal rumiyin cemeng, punika kahananing napsu alumahhawanipun ing nalika gesang, amurugaken dhahga, arip luwe ing sapanunggilanipun, ing wadhuk, wahyanipun saking lesan, kadadosanipun saking ing salebeting cahya cemeng, katingal sakaliring sato kewan, miwah gegermetan, sami anggodha kados angganggep Pangeran, prabawanipun bumi gonjing, ngalaming napsu dipun wastani alaming nabsut, tegesipun supe, ing nalika punika panggenaning supe, pema dipun enget sarta santosa, sampun ngantos korup wonten salebeting cahya cemeng, mbok manawi anitis dhateng sato kewan miwah gagremetan.
Boten antawis dangu cahya cemeng sirna, nunten katingal cahya abrit, punika kahananing napsu amarah, hawanipun ing nalika gesang amurugaken angkara panasten muduka sapanunggilanipun, wahananipun ing nganperu, wahyanipun saking karna, kadadosanipun ing salebeting cahya abrit, katingal sakaliring budi srani, brekasakan, inggih sami anggegodha kados angaken Pangeran, prabawanipun latu ageng murup angat alat, ngalaming napsu dipun wastani ngalam jabarut, tegesipun : sreng, ing nalika punika panggenaning rekaos, pema dipun sareh sarta santosa, sampun ngantos korup salebeting cahya abrit, bokmanawinitis dhateng brekasakan, boten dangu cahya abrit sirna.
Nunten katingal cahya jene, punika kahananipun napsu supiyah, hawanipun nalika gesang, amurugaken murka, papenginan, kabingahan, pakareman ing sapanunggilanipun, wahananipun ing lelimpa, wahyanipun saking netra, kadadosanipun ing salebeting cahya jene, katingal sakaliring paksi, miwah bangsa iber-iberan, inggih sami angragodha kados anganggep Pangeran, prabanipun angin pancawara ageng, ngalaming napsu dipun wastani ngalaming laut, tegesipun gingsir, ing nalika punika panggenaning renggang, saliring anggotaning sarira, pema dipun tetep sarta santosa, sampun ngantos korp dhateng salebeting cahya jene bokmanawi nitis dhateng paksi, miwah bangsa iber-iberan, boten dangu cahya jene sirna, nunten katingal cahya pethak, punika kahananing napsu mutmainah, hawanipun nalika gesang, amurugaken lobaning kautaman, ing sapanunggilanipun kadosta anglampahi puja tapa brata, ingkang kalantur-lantur, boten mawi watawis, wahananipun ing bebalung, wahyanipun saking grana, kadadosanipun salebeting cahya pethak, katingal sakaliring ulam loh, miwah bangsaning bubujengan toya, wonten ing saganten rahmat, inggih sami angragodha kados anganggep Pangeran prabawanipun toya wening tanpa sangkan, ngalaming napsu dipun wastani ngalam malakut, tegesipun karaton, pema dipun waspada sarta santosa, sabab dene sajatining karaton kang rinakit, maha mulya, sampun ngantos korup wonten salebeting cahya pethak, ambokmanawi anitis dhateng ulam loh, miwah bangsaning bubujengan toya, menggah sampurnanipun sakawan pisan wau, punika sami anunggil kahanan, dhateng ngalaming cahya inggih cahya kita pribadi.
3. Ingkang kaping tiga, sasirnaning ngalam siriyah katingal alam nuriyah, tegesipun alaming cahya, padhangipun anglangkungi padhanging alam siriyah, ing ngriku dhatenging cahya amanca warni, cemeng, abrit, jene, pethak, ijem, sami katingal karaton sarta raras sadaya, punika wahananing pancadriya, kawimbuwan cahyaning pramana, ngalaming pancadriya dipun wastani ngalam hidayat, tegesipun pitedah, deneanedahaken panggenanipun, ing nalika gumelaring karaton, ananging dede sajatining karaton, kang rinakit maha mulya, inggih punika karatoning panasaran, kadosta karatoning ingkang katingal, wonten salebeting cahya cemeng, punika karaton date sato kewan, miwah gegremetan, ingkang katingal salebeting cahya abrit, punika karaton dating brekasakan, ingkang katingal dating cahya jene, punika karaton dating paksi, miwah bangsa iber-iberan, ingkang katingal salebeting cahya pethak, punika karaton dating ulam loh, miwah bangsaning bubujengan toya, ingkang katingal salebeting cahya ijem, punika karaton dating tutuwuhan, nunten ing nalika punika manawi wonten swara kados tangising bayi kala lahir, lajeng mangsit anedahaken karaton ingkang agung kang maha mulya, pema dipun jinem sarta santosa, sampun ngantos anyipta milih satunggal, bokmanawi kalebeting karatoning panasaran, menggah sampurnanipun ingkang katingal makaten punika, sami anunggil kahanan dados cahya wening wonten salebeting cahya ngalam nuriyah, inggih taksih cahya kita pribadi.
4. Ingkang kaping sakawan, taksih salebeting ngalam nuriyah, ing ngriku katingal cahya wening, salebeting cahya wonten uruu satunggal angadeg sasada jaler agengipun, darbe sorot wolung warni : cemeng, abrit, jene, pethak, ijem, biru, wungu, dadu, gumilang sami katingal swarga sarwa asri sadaya, punika wahananipun warnining pramana, kawimbuwan birahi, dene panggenanipun, rumaos brata dhateng gumelaring swarga, ananging dede sajatining swarga kang maha suci, dene panggenan kang anikmat mapangat rahmat, inggih punika kahyanganing jim sadaya, amung panggenan kamukten kemawon :
1. kadosta kang katingal swarga sarwa cemeng meleng-meleng, mimba mustikhaning bumi, punika kadadosan saking kanisthaning cipta, yen jumeneng wonten ing ngriku bokmanawi dados retuning jim cemeng.
2. ingkang katingal swarga abrit abra marakata, mimba sosotya geniyara, punika kadadosan saking dhustaning cipta, yen jumeneng wonten ing ngriku bokmanawi dados ratuning jim abrit.
3. ingkang katingal swarga sarwa jene, sumunar pindha retna punika kadadosan saking doraning cipta, yen jumeneng wonten ing ngriku bokmanawi dados ratuning jim jene.
4. ingkang katingal swarga sarwa pethak maya-maya wenes mimba manik maya, punika kadadosan saking setyaning cipta, yen jumeneng wonten ing ngriku, bokmanawi dados ratuning jim pethak.
5. ingkang katingal swarga ijem, angenguwung mindha manik maya, punika kadadosan saking santosaning cipta, yen jumeneng wonten ing ngriku, bokmanawi dados ratuning jim ijem.
6. ingkang katingal swarga sarwa biru, muyeg mimba manik nila pakaja, punika kadadosan saking sambawaning cipta, yen jumeneng wonten ing ngriku bokmanawi dados ratuning jim biru.
7. ingkang katingal swarga sarwa wungu, mimba manik puspa paraga, punika kadadosan saking sambawaning cipta, yen jumeneng ing ngriku bokmanawi dados ratuning jim wungu.
8. ingkang katingal swarga sarwa dadu, muncar mimba mirah dalima, punika kadadosan saking ewah gingsiring cipta, yen jumeneng wonten ing ngriku, mbokmanawi dados ratuning jim dadu.
Ing nalika kambet gandanipun angambar, kados anarik ing rahsa, pema sampun ngantos karaosaken, bokmanawi kalebet ing swarga panasaran, menggah sampurnanipun ingkang katingal makaten punika sami panunggilanipun kahanan, dados cahya mancur wonten salebeting ngalam Uluiyah, inggih taksih cahya kita pribadi.
5. Ingkang kaping gangsal, sasirnaning alam nuriyah, katingal ngalam Uluiyah tegesipun ngalaming Pangeran, padhangipun anglangkungi ngalam nuriyah, ing ngriku katingal cahya mancur, jumeneng ing makam baka, makam pana, tegesipun panggenan waskhita, punika warnaning suksma, kang mimbuhi saliring warna sadaya, anglimputi sagunging jagad alit jagad ageng ing saisen-isenipun, nanging gesangipun saking pramananing rahsa ing nalika punika kadhatengan malaekat, awarni bapa sapanunggilaning luluhur jaler, angaken utusaning dad, kang maha suksci, kinen angirid dhateng kalaratolah, pema dipun santosa, sampun ngantos angimanaken, sebab punika apngaling suksma kita pribadi, menggah sampurnanipun ingkang katingal makaten punika sami nunggil kahanan, dados cahya mancorong wonten salebeting ngalam uluiyah ugi, inggih taksih cahya kita pribadi.
6. Ingkang kaping nem, taksih salebeting ngalam uluiyah sansaya wewah padhangipun, ing ngriku katingal cahya mencorong, salebeting cahya wonten sipating rurupan, kados golek gadhing asawang puputran mutyara, dede jaler dede estri dede wandu, jumeneng ing makam baka, tegesipun panggenan ingkang langgeng, punika pramaning rahsa, amurba amisesa ing ngalam sadaya, ananging gesangipun saking dating atma, ing nalika punika dhatenging widadari, awarni biyung nini, sapanunggilaning luluhur estri, angaken utusaning dad kang maha sukci, kinen ngirid dhateng kalaratolah, pema dipun santosa sampun ngantos angimanaken, sabab punika apngaling rahsa kita pribadi, menggah sampurnanipun ingkang katingal makaten punika sami anunggil kahanan dados cahya, gumilang tanpa wawayangan, wonten salebeting ngalam uluiyah ugi inggih taksih cahya kita pribadi.
7. Ingkang kaping pitu, taksih salebeting ing alam uluiyah, tanpa kinten-kinten padhangipun, ing ngriku boten katingal punapa-punapa, amung cahya gumilang tanpa wawayangan, punika cahyane atma sajati, anunggil cahyaning dad kang asipat esa, boten caman boten makam, boten arah boten enggon, tanpa kantha rupa warna, sepen saking gantha rasa swara, amung waluya kados kalakadim ajali abadi, kadodasanipun atma kita, asarupa maha mulya, kang ngaburba amisesa, kang kawasa anitahaken sakaliring alam, anglimputi saliring alam sadaya, amranawa, mengku saliring makam sampurna, gesang piyambak boten wonten ingkang anggesangi, binasakaken kayunbilarohkin, tegesipun gesang tanpa nyawa, inggih punika dados tohjalining gusti, ingkang maha skci sejati, kang agung datipun kang elok sipatipun, kang wisesa asmanipunkang sampurna apngalipun, dumunung ing gesang kita pribadi. Ing ngriku marginipun, ngibarat konusing curiga supana anglimputi warangka kajeng gesang, ingkang sajati, amawa tandha kasat mata ing dalem cipta, kados gebyaring caleret, medal saking badan kita pribadi, inggih punika sampurnaning uteg, sareng kaliyan sampurnaning atma, dados cipta, dados kawasa, sampurnaning kawasa, sampurnaning kawasa dados purba, sampurnaning purba dados wisesa, sampurnaning wisesa, dados waskitha lajeng boten mawi antawis, pamoring kawula gusti apulang kayun, ing dalem nur muhamad kakiki, tegesipun tunggil gesang wonten salebeting cahya sejati, ingkang gumilang tanpa wawayangan, inggih punika duryating gesang kita wangsul dhateng duryat, mantuk dados sajatining dad, mutlak kang kadim, ajali abadi, dipun basakaken, kayun pidareni, tegesipun gesang kahanan kakalih, wonten ing alam sahir, tegesipun dumunung ing kalarat kita kang sajati, langgeng wonten salebeting kahanan kang maha mulya, sarwa nikmat mupangat, rahmat tanpa karana, tegesipun punapa kahananing ngriku, mijil saking kodrat kita sadaya, sami sanalika kalajeng rumaos waluya dados dating gusti kang maha sukci sejati, kang asipat esa, tandhanipun dene kawasa manawi aningali tanpa netra inggih punika muhung waskitha, amiarsa tanpa karna inggih punika muhung wisesa, anganda tanpa grana inggih punika muhung murba, angandika tanpa lesan inggih punika muhung kawasa, ing temahan sampun sarwa waskhitha, boten mawi kasamaran, dhateng ingkang gaib-gaib, sarta enget ing pawentehan, saniskaraning purwa madya wasana sadaya, sampun uwas sumelang ing galih, ing wekasan sumangga anggen-anggen wonten ing karsa katarima, wonten ing sarira, sarehning kula amung dremi hangimpun sakaliring ngelmi, saking wewejanganing guru satunggal-satunggal, suraosing manah sampun jangkep, etangipun kiranga kados boten kathah wewahipun, ewa samanten kala rumiyin, wonten ingkang dados pangunguning manah kula, saderengipun kajatosan dhateng guru, inggih punika bab papangkataning sakarat maut, salebeting adam kukmi, teka mawi angraosaken katingal sumakawis ingkang andadosaken murgamaning sangkan paran.
Pamanggihing manah kula kaelokan temen, dene teka dadak antan-antan mawiya nyarontasaken, pangkat titingalan satunggal-satunggal, manawi estuwa kalampahan makaten saiba anggenipun kapi ecanen, ing pangraos dhateng guru, wawangsulanipun kados ing ngandhap punika :
Sira iku jebeng andupara Manawa rupeka ing pambudi, nanging lagi kadung saka panimbanging watara wruhanira kang kapratelakake ana ing papangkataning sakaratilmaut, iku minangka pituduhan marang wong kang mukmin ngam, supaya sumurupa kang bakal kaleksanan, ing delahan babasan abecik anglakoni tanpa pituduh, sayekti prayoga, kawruh kang nganggo susurupan ngibarate kaya wong desa arep seba ing ratu, ana kang tuduh margane lumebu maring kadhaton, winarah awit saka ing pangurakan, nuli angambah ing galadhag, nuli angambah ing ngalun-alun, nuli angambah ing waringin kurung, Manawa metu ing satinggil iku angambah ing pagelaran, nuli angambah sajroning satinggil, nuli angambah ing kori brajanala, nuli angambah ing kori mandhungan, nuli angambah kori sri panganti, nuli angambah palataran sajroning pura, kana manawa ana begjane bisa mareg ing ngabyantara nata, dene kang kaambah kabeh sayekti padha kadulu isen-isene, sarta ana larangane dhewe-dhewe, pahe kang wus pareg ing ratu, sebane ora susah anganggo pituduhan, laju maring ngabyantara nata kewela, kaya mengkono uga ing jaman sakaratilmaut, Manawa wong wus tinitah dadi mikmin kas, saka katarimane lakune dhewe-dhewe, sayekti bisa alaju ngesthi cancute amatrapake panjenengane dad, supaya ora karasa apa-apa, lan aja kongsi katon sawiji-siji, laju kuwasa manjing sajroning alamuluiyah kewala, anunggal Pangeran kang maha sukci, ananging dalem cahya gumilang tanpa wawayangan, iya cahya kita pribadi samono ikuterange pisan wus kasebut ing kikiyasan dalem ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung, ing nalika karsa amrayoga patraping sangkan paran metu saka ilhaming panggalihdalem kekeran sajati, mupakat lawan kanyatahane kaya kang kocap ing wirayat, duk iman sidik rohkaniyah japar sidik ing tanah Arab, wus anglakoni seda ing dalem sadina, wekasan bisa gesang maneh, iku anyaritakake kang katingalan, awit ing ngangkat karaos mingset rahsaning atma, ing sabanjure kongsi ketug sajroning alam, uluiyah, tekane widadari, ing kono iman roh kaniyah japar sidik kasmaran, maring widadari iku, rahayune kaemutake laju jinaten, manawa meh dungkep ing kahanan kang maha mulya, sajroning cahya gumilang tanpa wawayangan, ananging durung mangsane iman rohkaniyah japar sidik kinen bali maring alam donya, nganggo tinuduhake ing dadalan kang bener, sarta winarah jatining saniskara, katingalan kabeh, iku mulane iman roh kaniyah japar sidik, kacarita bisa wungu saka ing seda, kasebut roh kaniyah, tegese nyawa akeh, murate binasakake sugih nyawa, Manawa ing tanah jawa, Kangjeng Susunan ing Kalijaga, iya mangkono uga, nanging kawasa anancutake ing pangukudan, wartane laju muksa dadi rijalolah gaib, kongsi ing saparene iki.
Ana wasiyate kang winarahake, Manawa rumangsa kaleru ing pangarah kita ing tembe, patrape sajroning tumiba ing ngalam panasaran, iku amung meneng sarta santosa, ing kono sirnaning beka rencana, bokmanawa laju bisa tutug ing kahanan kita kang sajati. Sareng kaki guru sampun sajarwa makaten punika teka anarimah raosing manah kula, dene mindhak teranging saserepan, saking angsal terang pamaning Pangeran kang maha sukci.
Ing mangke andumugekaken urut-urutanipun, dumununging panengeran ingkang kawistara dhateng liyan, kapratelakaken ing ngandhap punika. Pamawangipun saking pamatawis, ingkang sampun kalampahan :
1. Ingkang rumiyin, manawi sampun angsal ing panghulu panggesanganipun, tandha badhe nandhang wekasan, salebeting tigang taun ing ngriku :
2. Manawi sampun darbe lageyan ingkang ewah saking adatipun, tandha badhe nandhang aliyan, salebeting kalih taun, ing ngriku :
3. Manawi sampun anginggal-inggali solah bawanipun, tandha badhe anandhang pulungan, salebeting sataun, ing ngriku :
4. Manawi sampun salin kelabuwanipun, lajeng tanpa hawa, kadosta tiyang kereng dados alim, tiyang remen parameyan, dados karem dhateng ing ngasepen, sapanunggilanipun, tandha badhe nandhang racutan, salebeting satengah taun, ing ngriku :
5. Manawi sampun wangsul ing wawatekanipun kados lare, tandha badhe nandhang kukudan, salebetipun tigang wulan, ing ngriku :
6. Manawi sampun katingal sureming netyanipun, tandha badhe nandhang sakit, ingkang dados jalaraning tilar donya, salebeting sawulan, ing ngriku :
7. Upami sampun anandhang sakit, punika kawasa saking urubing netranipun, manawi taksih ngadeg, tandha dereng pesthi ing jangjinipun, manawi sampun dhoyong, tandha meh pareg ing jangji, salebeting dinten punika manawi urubingnetra sampun katingal sirem, amung kantun gumilir gilir kemawon, andadosaken oncating wawayangan salebetipun ing netra, lajeng sami kamisawengan, kedhep sampun kandel, imbanipun tikel, punika tandha sampun dungkep dhateng jangji, kantun antawis sanga kemawon.
8. Manawi ingkang sakit wau kawawas sampun Sonya mathinipun, utawi ulatipun, sampun pucet, ing wekasan talingan sampun pangleh, grananipun mingkup, grayanging badan sarira sampun asrep, tegesipun sadaya sampun sepen, lajeng kambet gandaning sawa, punika tandha sampun dumugi ing jangji, angalih dhateng panggenan kang maha mulya, anunggil kaliyan kahananing dad kang maha sukci, isa alalah utangala.
Dene menggah patraping pamawasipun, punika pucuking grana kita, kasipata kaliyan tengahing jajanipun ingkang sakit, lajeng winawasa sarwi amegang napas saking sawatawis dangunipun, ing ngriku angeningaken cipta, sami sanalika osik amatrapaken, kodrat iradat kita pribadi, sampun mawi uwas sumelang malih, walahu alam.
Ing wekasanipun anjawi ingkang sampun kasebut sadaya wau, ing mangke wonten patraping pamawasan anengeri guwayanipun tiyang ingkang badhe kadhatengan cilaka utawi ingkang badhe kadhatengan bekja (angsal begja), saking adat ingkang sampun kalampahan kados ing ngandhap punika pratelanipun :
Menggah ingkang badhe kadhatengan cilaka guwayanipun katingal gangsal warni :
1. guwaya mesum semu ijem anglayu, tandha badhe kasusahan,
2. guwaya pucet semu biru, tandha badhe kalingseman,
3. guwaya abrit semu pethak, surem surem tuntung klawu, tandha badhe sakit,
4. guwaya pethak semu ijem, tandha badhe pejah.
Dene menggah ingkang badhe angsal begja panengeraning guwayanipun katingal gangsal warni :
1. guwaya sumaringah, tandha badhe angsal kabegjan,
2. guwaya meles, tandha badhe kabayaran,
3. guwaya manther, tandha badhe angsal panggesengan,
4. guwaya mancur, tandha badhe angsal pangawikan,
5. guwaya mancorong, tandha badhe angsal kanugrahan.
w a l a h u a l a m .
Tamat warah hidayat jati, lajeng nyandhak warah maklumat jati, ing ngandhap punika :
Punika warah maklumat jati, ingkang anguningakaken dunungan, menggah kakekatipun, dating Pangeran kang maha sukci, sarehning binasakaken saklangkung gaib, tanpa rupa tanpa warna, asipat dede jaler dede estri dede wandu, sarta boten jaman boten makam, boten arah boten enggen, dinulu boten katingal, dinumuk boten kantenan, punika isbatipun, amung cipta sasmita, dumunung wonten ing kawaskithan, mila kasebut saking pangiyasing guru, ingkang kawisikaken dhateng para muridipun kados makaten :
Sajatosipun boten wonten punapa-punapa, sakathahing asya ingkang kasebut, punika dede tajalining dad sadaya, tegesipun dede pangeja wantah ing Pangeran kang maha sukci sajati, inggih punika kang amurba amisesa, kang kawasa, mungguh ingsun kang maha mulya muhung ingsun, menggah wiwisikan makaten punika, manawi dereng saged anampeni ing gali, mugi dipun taberi sami amarsudiya ing suraosipun, pangimpuning para wawejangan sadaya, kados kang kasebut ing warah, ing maklumat jati makaten :
ing saderengipun wonten punapa-punapa, kahananing alam kabir kaliyan alam sahir, saisen-isenipun, dereng sami dumados sadaya, ingkang wonten rumuhun piyambak amung dad kang maha sukci, sajatine dad kang maha sukci punika, kang asipat esa, dipun basakaken dad mutelak, kadim ajali abadi, tegesipun asipat satunggal, kang amesthi rumuhun piyambak kala taksih awang-uwung salamimipun, ingkahanan kita, inggih punika jumeneng pribadi, wonten salebeting nukat gaib, ingkang sakalangkung langgeng, dumunung ing gesang kita, sayektosipun ing galih gesang kita punika toh jalining dad, kang maha sukci sejati, milanipun wajib sami wageda rumeksa dhateng gesang kita pribadi, margi saking angatos atos sangkaning panggesangan sampun ngantos kapiran, boten jumeneng ing gesnagipun. Pae ingkang sampun tinitah mukminkas, karesaning gesang saking saged anetepitokit, angantepi istikat, sabab ing bebasanipun boten susah manawi malarat, boten uwas dening kaluwen, boten maras saweg ginanjar sakit, boten ajrih dhateng ing pejah, manawi taksih tinitah manungsa ngam, saestu kedah anglampahi iktiyar, ingkang dadosaken santosaning gesang.
Menggah gesang kita punika tetelanipun, manawi dados tajalining dad, kang maha sukci sejati, dene yektosan ing ngriku boten pae kaliyan kang kawasa, amedharaken kodrat iradad, liripun inggih kodrat iradad kita pribadi, punika sayekti terusaning kodrat iradatipun kang maha kawasa, asipat kayat, tegesipun asipat gesang, inggih gesang kita pribadi, mila wujuding gesang punika, babaripun mawi papangkatan, dumunung ing dalem pitung kahanan, inggih punika minangka warananing dad, dados wahananing sipat, asma, apngal, kita sadaya, kados ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika, urutipun satunggal-satunggal :
1. kayun, tegesipun gesang, anunggil kahananing dad,
2. cih nur, tegesipun cahya, dumunung sajawining gesang,
3. sir, tegesipun rahsa, dumunung sajawining cahya,
4. roh, tegesipun nyawa, dipun wastani sukmdumunung sajawining rahsa,
5. napsu, tegesipun angkara, dumunung sajawining sukma,
6. ngakal, tegesipun budi, dumunung sajawining napsu,
7. jasat, tegesipun badan, dumunung sajawining budi.
Dene kayun punika, mila anunggil kahananing dad, ingkang kapasrahan pangawasa, kinarsakaken ing gesangi kahananing cahya, rahsa, sukma, napsu, budi, badan sadaya, sumarambah ing wiwitan dumugi ing wekasan.
Menggah wiwijinganipun kados ngandhap punika :
1. ing nalika kayun anggesangi kahananing cahya sumarambah ing netra, wahananipun dados saged aningali, inggih punika paningaling dad angagem ing netra kita.
2. ing nalika kayu anggesangi kahananing rahsa, sumarambah ing grana, wahananipun dados saged aningali, inggih punika panggandaning dad, angagem ing grana kita.
3. ing nalika kayu anggesangi kahananing sukma, sumarambah ing lidhah, wahananipun dados saged angandika, inggih punika pangandikaning dad angagem ing lesan kita.
4. ing nalika kayu anggesangi kahananipun napsu, sumarambah ing talingan, wahananipun dados saged amiarsa, inggih punika pamiarsaning dad, angagem ing karna kita.
5. ing nalika kayu anggesangi kahananing budi, sumarambah ing manah, wahananipun dados saged birahi, andarbeni karya, inggih punika karsaning dad, inggih angagem ing manah kita.
6. ing nalika kayu, anggesangi kahananing jasat, sumarambah ing erah,wahananipun dados saged ambegan, lajeng anuwuhaken wulu, kuku, ing sapanunggilanipun, inggih punika apngaling dad, angagem solah bawa kita, ing saestu boten pae ing nalika amratandhani apngal salebeting alam, lajeng saged amolahaken surya, angin ing sapanunggilanipun, saisen-saisening alam sadaya, sami dumunung wonten purba wisesaning dad, kados ing ngandhap punika :
1. dad amurba kayu, tegesipun dad punika, witing gesang, ambabar waskitha, kasebut nama maha sukci.
2. kayu, amisesa nur, tegesipun gesang, punika amengku wahyaning cahya, ambabar wisesa, kasebut nama maha mulya.
3. nur, amisesa air, tegesipun cahya, punika amengku gesanging rahsa, ambabar kawasa kasebut nama…………………
4. sir, amisesa roh, tegesipun rahsa, punika amengku gesanging sukma, ambabar cipta, kasebut nama, maha kawasa.
5. rahsa, amisesa napsu, tegesipun suksma punika amengku gesangipun napsu, ambabar esthi, kasebut nama maha luhur.
6. napsu, amisesa ngakal, tegesipun budi napsu punika amengku gesanging budi, ambabar karsa kasebut nama maha agung.
7. ngakal, amisesa jasat, tegesipun budi punika amengku gesanging badan, ambabar bawa kasebut nama maha yekti.
Menggah wangsulipun mekaten :
1. jasat, kawisesa dening ngakal, tegesipun ebahing badan punika kaprabawa saking osiking budi, mila dipun basakaken alah tangala, dados tandhaning hyang kang maha yekti, awit dening badan punika, amratandhani apngaling budi.
2. budi, kawisesa dening napsu, tegesipun osiking budi, punika kaprabawa saking hawaning napsu, mila dipun basakaken, hyang maha yekti, dados kanyahaning hyang kang maha agung, awit dening budi punika, amratandhani apngaling napsu.
3. napsu, kawisesa dening suksma, tegesipun hawaning napsu punika kaprabawa saking wahananing nyawa, mila dipun basakaken hyang kang maha agung, dados embananing hyang kang maha luhur, awit dening napsu punika, anerusi apngaling suksma.
4. suksma, kawisesa dening rahsa, tegesipun wahananing nyawa punika kaprabawa saking pramananing rahsa, miladipun basakaken hyang maha luhur, dados sasandhaning hyang maha kuwasa.
5. rahsa, kawisesa dening cahya, tegesipun pramananing rahsa punika kaprabawa saking pranananing cahya, mila dipun basakaken hyang maha kawasa dados sengkeraning hyang maha wisesa, awit dening rahsa punika amengkoni apngaling cahya.
6. cahya, kawisesa dening kayu, tegesipun pranananing cahya, punika kaprabawa saking kawasaning gesang, mila dipun basakaken hyang maha wisesa wasa, dados warananing hyang maha mulya, awit dening cahya punika nglimputi apngaling atma.
7. kayu, kawisesa dening dad, tegesipun kawasaning gesang punika kaprabawa saking purba wisesaning dad, mila dipun basakaken hyang maha mulya, dados susulihing hyang maha sukci, awit dening atma punika mumpuni apngaling dad sadaya.
8. dad, punika tanpa dunungan, amung jenggereng jumeneng akadiyat, tegesipun anunggil ananing gusti kang asipat esa, inggih punika murba wisesanipun sampun wonten kanyatahan gesang kita pribadi, milanipun wahananing gesang punika tanpa wangenan kaliyan ananing dad, inggih gesang kita punika datheng gusti kang mah suci sejati, tandhanipun wonten babasan tigang pangkat kados ing ngandhap punika :
Ingkang rumiyin, sipating gesang punika tansah kanggenan kawan prakawis utawi kawan apngal :
- arib, timbanganipun melek,
- luwe, timbanganipun tuwuk,
- ngelak, timbanganipun ayem,
- sahuwat, timbangnipun rerem, punika sami apngaling napsu sadaya.
Ingkang kaping kalih, sipating ngagesang punika asring kadunungan kawan apngal :
- sereng, timbanganipun sareh,
- supe, timbanganipun emut,
- bingung, timbanganipun lana,
- pangling, timbanganipun waspada, punika sami apngaling suksma sadaya.
Ingkang kaping tiga sipating ngagesang punika, terkadhang kasandhang kawan apngal :
- uwas, timbanganipun santosa,
- susah, timbanganipun bingah,
- sakit timbanganipun saras,
- bilahi, timbanganipun raharja, punika sami apngaling rahsa sadaya.
Menggah liring babasan tigang pangkat ingkang sampun kasebut ing nginggil punika, saestunipun inggih saking kodrat iradating dad kita sadaya, sampun uwas sumelanging galih, bokmanawi kenging pambangusing barang ababarongan.
Dene babaring gesang kita ingkang mawi papangkatan, dumunung ing dalem pitung kahanan wau, manawi kagerba ing papangkatanipun, punika amung dumunung ing dalem tigang kahanan, inggih minangka warananing dad, dados wahananing sipat, asma, apngal kita sadaya, kapratelakaken ing ngandhap punika, urutanipun satunggal-tunggal :
1. roh, dipun wastani atma, dados ananing gesang, anglimputi ing dalem sarira kiwa, mengku jamaning alam akerat.
2. malaekat, dipun wastani pramana, dados wahananing gesang, angresa indhak lumungsuripun ing dalem sarira kita, amengku jamaning alam supena.
3. setan, ananging dede, eblislaknat, inggih punika napsu dipun wastani hawa, dados kahananing gesang kita nyolahaken karkatipun ing dalem sarira kita, amengku ing ngalam donya.
Menggah santosanipun pangesthi, kayektosaken ingkang dados tandhanipun, punika menawi pinusus salebeting galih, sarwi manekung anungku semadi, pineleng anggenipun aneges karsa, tokitipun muhung amesu cipta, lajeng amarsudi kawasa, dahat ingkang sampun kalampahan, wonten mangunah dhateng, kabekta ing utusan medal saking sarira kita, kang maha mulya, mawa tandha katingal sakingpramananing netra, keraos ing dalem rahsa, nalika ing ngriku manawi katarima, ingkang cinipta dados, ingkang sinedya wonten, ingkang kinarsan dhateng, saking parmaning kang kawasa.
Dene pratikelipun manawi badhe menekung saking wasiyat dalem, Kangjeng Panembahan Senapati ing Ngalaga Mantawis, kados ing ngandhap punika panglantehipun :
Wiwit angirang-irangi sare dhahar, anyegah sahwat, ambirat napsu hawa, ing dalem sak watawis dinten, lajeng siyam anglowong, sarta ambisu, ing dalem tigang dinten tigang dalu, boten kenging angemu saserik, tuwin duka cipta, manawi siyamipun kantun sedinten sedalu, sampun ngantos sare, sareng ing wanci dalu siram, angagem busana ingkang sarwa suci, sarta ha kakonyoh ganda widajebat wangi, andedupa majeng mangetan, utawi mangilen, angajengaken keblatipun piyambak, ingging punika ing jaja, dumugenipun ing wanci bangun enjing, punika wiwit kapakur pejah raga, anutupi babahan hawa sanga, wonten kapiarsa sampun dipun mirengaken, wonten ganda sampun kahambet, wonten wiraos sampun kasauran, wonten raos punapa-punapa sampun dipun raosaken, lajeng mepeta turas, angampetta sarib kaliyan susuker.
Dene patrapipun lenggah pitekur, jempol suku kapanggihaken sami jempol suku den papak, polok kapanggihaken sami polok den gathuk, jngku kapanggihaken sami jengku, den rapet, pajaleran sapalanthunganipun sinipat kaliyan jmpol suku, den leres sampun ngantos katindhian, nunten asta kakalih angrangkul jengku, patrap sedhakep suku tunggal, dariji asta antuk selaning dariji asta, sami kados denten angapurancang, jempol lajeng winawas kalayan pucuking grana, nunten lidhah kabekuk manginggil, lathi kaingkemaken, sarta lajeng anata panjing wedaling napas, anpas, nupus, sampun ngantos tumpang suh kempalipun dados setunggal, ing ngriku tinarik saking kiwa dumugi ing puser, kendel saantawis dangunipun, lajeng katurunaken anengen, medal lenging grana kang tengen, ingkang alon, sampun ngantos kasesa. Menawi sampun sareh, anarika napas malih saking tengen dumugi ing puser, kendel sawatawis dangunipun, lajeng katurunaken angiwa, medal lenging grana kiwa, ingkang alon, sampun ngantos kesesa, ambal kaping tiga makaten panariking napas. Ing wekasanipun manawi sampun sareh anarika napas malih saking kiwa mubeng anengen, saking tengen mubeng angiwa, kumpul dados satunggal wonten ing puser lajeng katarik manginggil, leres ingkang sareh, kendel tinata wonten ing jaja, lajeng katarik manginggil malih, ingkang alon-aon, kendel tinata ing sirah, ing griku angeningaken cipta, sarwi osik amatrapaken panjenenganingdad kita, kados makaten :
Ingsun tohjalining dad kang maha sukci, kang amurba amisesa, kang kawasa angandika, kun payakun, dadi saciptaningsun, ana sasedyaningsun, ametuwa ing kodratingsun.
Menawi sampun mekaten, nunten epek-epeking asta kiwa kakempit ing cangklakan kiwa, lajeng angeremaken netra adat sami sanalika kemawon kayektosan ingkang dados tandhanipun katingal saking pramananing netra, karaos ing dalem rahsa, nunten panariking napas katurunaken medal ing grana kalih pisan, ingkang alon, sampun ngantos kasesa, ing wekasan nalangsa dhateng dad kita pribadi.
Dene sarananipun mawi memule kados ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika :
1. Kanjeng Nabi Mohammad Rasulolah, memulenipun sekul wuduk ulam lembaran, ayam pethak, sarem tamper, lombok ijem, herong, dhaharan wowohan, mawi sekar konyoh.
2. Kanjeng Susunan ing Ngampeldenta, memulenipun sekul abrit, panggang wader, sarem tamper.
3. Kanjeng Susunan Bonang, memulenipun sekul liwet, jangan manggul, wur-wur bekatul.
4. Kanjeng Susunan ing Kalijaga, memulenipun sekul liwet janganan godhong kakungkung, godhong ketul, godhong senting, godhong ranting, godhong kudhu, sambel pecel lele, bakaran dhendheng gepukan, bakaran gereh, bakaran balur.
5. Kanjeng Sultan ing Demak ingkang wekasan, memulenipun sekul punar, jangan loncom, sambel kedhele tanpa traos.
6. Kanjeng Sultan Hadiwijaya, memulenipun sekul wuduk, dhaharan arang-arang kambang.
7. Kanjeng Panembahan Sultan ing Pajang Senapati ing Ngalaga Mantawis, memulenipun sekul pera, gorengan ulam tambra, sekul golong, pecel ayam, jangan menir.
8. Kanjeng Sinuhun Sultan Agung Prabu Hanyakrakusuma ing Mantawis, memulenipun dhaharan ketan salak, ulam pindhang maesa utawi pindhang ayam, sekul golong pecel ayam, jangan menir.
Sedaya punika pangepangipun manawi sampun luwar saking panekungan, ing wanci waktu subuh, bibaring kanduren lajeng tindak mubeng-mubeng dhateng jawi pakarangan, angupados sasmitaning pangeran kang maha sukci, ingkang kenging karaosaken.
Menggah patraping panekungan, punika manawi sampun lanteh, kenging kacancutaken, boten mawi angirang-irangi dhahar sare sapanunggilanipun, amung wiwitan pitekur pejah raga anutupi babahan hawa sanga kemawon, ing salajengipun tanpa pilih papan, kalayan wancining panekungan, sarta boten ngangge sarana punapa-punapa, angger kraos sumenteg ing dalem cipta, sarta kencenging pangesthi, inggih punika nandhakaken badhe katarima.
Dene prayoganipun anglantehaken panekungan punika sageda kalampahan ing saben sawulan sapisan, botenipun amung saben ing dinten ijabah kemawon, sampun ngantos katowongan ingriku waktu katarimah saliring panuwun, kados ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika.
Wondene prayogenipun anglantehaken panekungan wau sageda saben wulan sapisan, botenipun saben ing dinten ijabah kemawon, sampun ngantos katowongan sebab ingriku waktuning katarima saliring panuwun, kados ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika :
1. ing wulan Muharam, ijabahipun tanggal kaping 9 utawi tanggl 10.
2. ing wulan Mulud, ijabahipun tanggal kaping 12.
3. ing wulan Rejeb, ijabahipun tanggal kaping 27.
4. ing wulan Ruwah, ijabahipun tanggal kaping 15.
5. ing wulan Siyam, ijabahipun tanggal kaping 21, 23, 25, 27, 29.
Kajawi ingkang sami kasebut ing nginggil, sedaya sami sepen.
6. ing wulan Besar, ijabahipun tanggal kaping 8 utawi 9.
Wektu wancinipun ing dalem sadinten sadalu kaping sekawan :
1. wanci serap surya,
2. wanci bangun enjing,
3. wanci lingsir dalu,
4. wanci tengange leres
Punika panggenan waktu nenuwun ing Pangeran kita.
Ing mangke kapratelakaken urut-urutan namanipun wahananing dad, ingkang sampun kasebut ing ngajeng, sedaya wau kados ing ngandhap punika :
1. ingkang rumiyin kayu, tegesipun gesang dipun wastani kayun, tegesipun panggesangan, dipun wastani malih, kayat, tegesipun anggesangi, dipun wastani malih kayu daim, tegesipun gesang kang tetep, nanging sejatosipun inggih amung satunggal, kayu punika kados makaten ugi sasamenipun.
Ingkang nama daim :
1. jaman daim,
2. sipat daim,
3. iman daim,
4. salat daim.
Punika sami dumunung ing dalem kayu daim sadaya, tegesipun tetep wonten kahananing gesang kita pribadi.
2. ingkang kaping kalih, nur, tegesipun cahya, punika sejatosipun inggih amung setunggal, ananging dipun namani dados gangsal sebutan :
1. Nuriyat, tegesipun cahya asamar, warninipun cemeng.
2. Nurani, tegesipun cahya kakalih, warninipun abrit.
3. Nurmadi, tegesipun cahya sumirat, warninipun jenar.
4. Nurbuat, tegesipun cahya santosa, warninipun ijem.
5. Nurmuhamat, tegesipun cahya kang pinuji, warninipun pethak.
Menggah gerbanipun sadaya punika kasebut nama Nurolah, tegesipun cahyaning Allah.
3. ingkang kaping tiga, sir, tegesipun rahsa punika inggih amung satunggal, nanging dipun namani nem pasebutan :
1. sir itadi, tegesipun rahsa purba, inggih punika dados wahyaning asmara nala.
2. sir kamali, tegesipun rahsa sampurna, inggih punika dados wahyaning asmara turida.
3. sir kahari, tegesipun rahsa wisesa, inggih punika dados wahyaning asmara tura.
4. sir ngaji, tegesipun rahsa mulya, inggih punika dados wahyaning asmaranada.
5. sir kakiki, tegesipun rahsa sejati, inggih punika dados wahyaning asmara tantra.
6. sir wadi, tegesipun rahsa tunggal, dipun namani sir gahibi, tegesipun rasa gaib, inggih punika dados wahyaning asmara gama, menggah gerbanipun sadaya punika kasebut nama sirolah, tegesipun rahsaning Allah.
4. Ingkang kaping sekawan, roh, tegesipun nyawa utawi suksma, punika sejatosipun inggih amung satunggal, nanging dipun namani dados pitung pasebutan :
1. roh jasmani, tegesipun nyawaning jasat, inggih punika wawayanganing nyawa, ingkang anggesangaken anggotaning badan, dipun ibarataken rohkewani, tegesipun kaupamekaken nyawa ingkang anggesangi sato kewan.
2. roh nabahi, tegesipun nyawaning tumuwuh, inggih punika wawayanganing nyawa, ingkang hanuwuhaken wulu, kuku sapanunggilanipun, tumanen dados gesanging budi.
3. roh nabsani, tegesipun nyawaning napsu, inggih punika wawayanganing nyawa, inggih anggesangaken hawaning napsu.
4. roh kani, tegesipun nyawaning suksma dipun wastani rohani tegesipun nyawa kang sinuksma-suksma, inggih punika wawayanganing nyawa, ingkang anggesangaken warananing suksma.
5. roh rahmani, tegesipun nyawaning kang sipat murah, dipun wastani roh rabani, tegesipun nyawaning pangeran, inggih punika wawayanganing nyawa, ingkang anggesangaken kahananing rahsa.
6. roh nurani, tegesipun nyawaning cahya, inggih punika wawayanganing nyawa, ingkang anggesangaken wahananing cahya.
7. roh ilapi, tegesipun sasandhaning nyawa kang wining, dipun wastani roh kudus, tegesipun nyawa kang sukci, inggih punika wawayanganing nyawa, ingkang anggesangaken ananing atma.
Menggah gerbanipun sadaya punika, kasebut nama rohulah, tegesipun nyawaning Allah.
Dene terangipun wiwijanganing roh punika menawi karujukaken kaliyan wasiyatipun ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung, kala musawarataken ngelmi, kadhawahaken dhateng kiyahi Pangulu, Amat kategan, mekaten pangandikadalem :
Sajatine roh iku sawiji, minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa utawa jiwa, kasebut aran suksma, prabedane padhahamawa tandha sowang-sowang :
1. tandhaning roh, iku anganakake getih,
2. tandhaning nyawa, iku anganakake kaketeg,
3. tandhaning jiwa, iku anganakake napas,
4. tandhaning suksma, iku anganakake rasaning jasat, anangingsuksma iku ana papangkatane, dadi pitung warna, iki sawiji-wijine :
1. patemone jasat lan napas, iku den arani suksma wahya, tegese suksma lahir.
2. patemone napas lan budi, iku den arani suksma dyatmika, tegese suksma batin.
3. patemone budi lan napsu, iku den arani suksma lana, tgese suksma tetep.
4. patemone napsu lan nyawa, iku den arani suksma mulya, tegese suksma mulus.
5. patemone nyawa lan rahsa, iku den arani suksma jati, tegese suksma nyawa, den arani maneh suksma rahsa, tegese suksmaning rahsa.
6. patemone rahsa lan cahya, iku den arani suksma wisesa, tegese suksma wenang.
7. patemone cahya lan urip, iku den arani suksma kawekas, tegese suksma pungkasan.
Dene patemone suksma kabeh mau, iku dadi suksma adiluwih, tegese suksma utama, binasakake retna embanan salaka, yen kumpul dadi retna inten jumanten, binasakake retna embanan kencana, iku ngibarate martabat wah kidiyat, campur dadi sasra ludira, binasakake embanan sosotya, iku ngibarate martabat wahdad, sampun dadi sosotya ludira, binasakake embanan padma retna embanan cahya, gumilang tanpa wawayangan, tegese bali dadi nukat gaib, mulih maring ajali abadi.
Telas pangandikadalem ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung, kiyahi Pangulu Amat kategan nembah matur, sampun kasinggihan dhawuhdalem punika.
Pramila makaten wonten babasanipun manawi teranging ngelmi kasampurnan punika, gumantung ing dalem kawicaksanan.
Dhawuh wangsulandalem ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung : iya samono iku Manawa pinaringan ilham dening Pangeran kang maha sukci, sayekti bisa kabuki saka ing kawicaksanan, mulane wiridan iku luwih prayoga anganggo bubuka kaya wasiyatingsun, supaya murid iku gelis anampani surasaning ngelmu kang winejangake, mangkene bubukaning wasiyatingsun :
Sajatine ora ana apa-apa, mungguh ing tekad Manawa katokidake sayekti ora ana pati, iya iku amung waluya urip salawase ana ing ngalam donya urip, ana ing kerat iya urip, uripe iku yekti kasambadan dening dating gusti kang sipat esa, tegese tansah anunggal kahanan lawan sajatining Pangeran kang maha sukci, panunggale kahanan mangkene isbate :
Manawa ana ing ngalam donya iku sayekti minangka sipating alah sejati, besuk ana ing kerat sayekti dadi dating Pangeran kang maha sukci sajati, mulane binasakake urip ora kena ing pati, samono iku Manawa ana ing ngalam donya bisa anglakoni mati sajroning urip, sayekti bisa urip ana ing akerate, malah manawa kabeneran bisa manjing sawarga kang sampurna maha mulya.
Dene sawarga, naraka ing sapanunggalane iku amung kalebu dadi ucap-ucapan bae, kukume padha napi kabeh, tegese ora ana pisan pisan basa sajatine kang aran naraka iku ing ngalam donya lawan alam akerat, iku tanpa wawangenan, tegese iya kahanane ngalam donya iya kahanane ngalam akerat, upamama wengiya kalawan rahina, iku mung antara peteng tumekaning padhang bae, manawa wus sirna petenging wengi nuli salin padhanging wengi nuli saling padhanging rahina kang ana.
Kaya mangkono uga kahananing alam donya lawan alam akerat, kang dadi antarane iku amung kalimputan dening sipat bae, kang aran sipat iku gumelaring alam donya iki kabeh, Manawa wus mangsane sirna sipating alam donya, nuli salin dating alam, akerat, kang ana gumelardadi jagad walikan, kakekate ing kono iku tanpa kantha, rupa, warna, tegese ora ana gatraning barang kawujudan kayata : sarana gunung, utawa omah pakarangan ing sapapadhane, ora nganggo rupa ala becik, ora katon werna ireng, abang, kuning, putih, ijo,ing sapanunggalane, ora mampu gandhaning apa-apa, ora anandhang saliring rasa kang karasa, sepi saka sabawaning swara kang karungu kabeh, ananging ananing mangkono iku muhung saka kodrat iradat kita pribadi, tegese metu saka kawasaning karsanira dhewe karana ing kono kita wis walkeya, maha mulya ana sajroning alam uluiyah, tegese alaming Pangeran, iya iku kahananing Pangeran kang maha sukci, ora nganggo jaman, makam, ora mesthi arahing panggonan, tegese ora nganggo wayah rahina wengi, tanpa antara dina, sasi, tahun, ora dumunung ing elor, kidul, kulon, wetan, utawa ing ngisor, dhuwur, ing tengah, ora mesthi arahing panggonan kang kaprenah ngarep, utawa ing mburi, ing ngiringan, ananging isbate mangkono iku iya muhung saka ing kodrat iradat kita pribadi, tegese metu saka kawasaning karsanira dhewe, karana ing kono kita wus asarupa kanyatahaning Pangeran kang maha sukci sejati kang agung date, kang elok sipate kang wisesa asmane, kang sempurna apngale, tegese wibawaning kagungan tanpa wewangenan, kaelokaningsipat dudu lanang dudu wadon, utawa dudu wandu, asmane kasebut nama kang murba wisesa, pakartine sampurna dadi padha saknalika tanpa kuciwa, mulane binasakake sejatining Pangeran kang maha sukci iku muhung dumunung ana ingsun.
Dene menawa kapatitisake, mungguh dununging Pangeran kang maha sukci iku jumeneng pribadi ana ing dalem nukat gaib, kang binasakake manik maya, windradi, tegese musthikaning gaib, ngibaratake iku retna embanan cahya, gumilang tanpa wewayangan, prabane iku anglimputi saliring alam kita kabeh, ing kono sarwa waskitha ora kasamaran marang sawiji-wiji amengku purba wisesa, sarta kawasa anganakake sarupaning dumadi, angukup gumelaring alam iki kabeh. Wiose mengkono iku kaya kang wus kasebut sajroning dalil ing nalika wong yahudi matur miterang marang Kangjeng Nabi Mohamad.
Menggah ingkang dipun wastani dhusun akerat punika prenahipun ing pundi, winangsulan sumendhe ing dalil pangandikaning Allah, mangkono murade, Manawa ana patakon bab prenahing akerat, sira wangsulana, mungguh desa akerat iku kahanane Pangeran kang maha sukci, dudu kahananing manungsa, menawa bisa tumeka ing kono iku menawa kabeneran saka eklasing ati, lestari dumunung ana ing darusalam, tegese desa, slamet, iya iku alam akerat gumelar saka ing kawasaning karsanira pribadi, karana ing wiwitan, kongsi tutug ing wekasan, kita iki tansah anunggal kalawan wahananing dating maha suci sejati, sumarambah marang kahananing atma kita kang nguripi awarna ing dalem wahyaning cahya kita kang anglimputi, ing kono mawa warana ana sajabaning cahya, iya iku rahsa kita kang nartani, warana kang ana sajabaning rahsa, iya iku nyawa kita kang mratandhani warana kang ana sajabaning nyawa, iya iku napsu kita kang hamrabawani, warana kang ana sajabane napsu, iya iku budi kita kang ambawani, warana kang ana sajabaning budi, iya iku badan kita pribadi kang sumandha ing alam donya samenggko iki.
Dene mungguh kayektene iku ana ing babaran mangkene urute :
1. badan iku babare dadi obah ing solah bawa,
2. budi, iku babare dadi osiking angen-angen,
3. napsu, iku babare dadi hawaning karsa,
4. nyawa, iku babare dadi wahyaning rasa, pangrasa,
5. rahsa, iku babare dadi pramananing cipta,
6. cahya, iku babare dadi pramananing iman,
7. dad, iku babare dadi wahananing purba wisesa,
8. nukat gaib, kang apraba cahya gumilang tanpa wawayangan iku babare dadi sampurnaning waskitha.
9. atma, iku babare dadi kahananing kawasa,
10. sajatine Pangeran kang maha sukci, iku babare dadi kanyatahaning wujud kita pribadi, iya wujud kita iya wujuding Pangeran kang maha sukci sejati, upama satu mungging rimbagan, tegese lantakan kencana, tunggal lawan rimbagan tembaga dadi aran suwasa saka istingarah kencana lawan tembagane iku ora pisah ing salawase, samono iku poma den awas, aja kongsi uwas, den eling aja kongsi sumelang, karana kang wus kasebut ing dalem daliling ngelmu, nukil lan saka sarahing kitab idayatul kakait, amratelakake wangsiting Pangeran kang maha sukci marang Kangjeng Nabi Mohammad Rasulullah, karasa ing dalem rahsa, den arani wisikan ananing dad, mengkene jarwane :
Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin iku ingsun, ora Pangeran nanging ingsun, sejatine dad kang maha sukci angliputi ing sipat ingsun, anartani ing asmaningsun, amratandhani ing apngal ingsun.
Mungguh dununge kang binasakake angandika ora ana pangeran nanging ingsun, iku iya urip kita pibadi, sayekti katitipan rahsaning dad kang agung.
Hanglimputi ing sipat iku, iya rupa kita pribadi, sayekthi kawimbuhan warananing dad kang elok.
Hanartani asma iku, iya aran kita pribadi, sayekti kahaken pasebutaning dating kawisesa.
Hamratandhaniapngal iku, iya solah bawa kita pribadi, sayekti anelakake pakartining dad kang sempurna.
Dene kayektene mengkene :
Dating Pangeran kang maha sukci iku anggone aningali tanpa netra, nanging mokal manawa wuta, iya iku muhung saka angagem ing makripat kita.
Enggone amiarsa tanpa karna, nanging mokal manawa tuli, iya iku muhung saka angagem ing talingan kita.
Enggone ngendika tanpa lisan, nanging mokal manawa bisu, iya iku muhung saka angagem tutuk kita.
Enggone angraosake saliring rasa tanpa dunungan, ananging mokal menawa sonya, iya iku muhung dumunung ana ing panrasa kita. Aja nganggo uwas sumelang maneh, sebab lahir batine alah wus dumunung ana ing urip kita pribadi.
Samono bae cukup bubukaning wejangan ing sabanjure tekan ing wewejangan wolung prangkat pisan, manawa nganggo bubuka kaya wasiyat ingsun iki sayekti wuwuh prayoga.
Telasing pangandika dalem ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung, kiyahi Pangulu Mohamad kategan atur sembah jumurung ing karsa dalem sang Nata.
Ing mangke wangsul amratelakaken urut-urutan namanipun wahananing dad, ing ngandhap punika :
Ingkang kaping gangsal, napsu, tegesipun angkara, punika sejatosipun inggih amung satunggal, nanging dipun namani dados kawan pasebutan :
1. nepsu luamah, tegesipun angangsa, darbe hawa amurugaken dhahga, arip, luwe sapanunggilanipun, wahananipun ing wadhuk, wahyanipun saking lesan, kasebut dados ngibarat kahananing manah, ingkang ngasorot cemeng, sampurnanipun anarik leburing wulu, kuku.
2. napsu amarah, tegesipun sereng, darbe hawa amurugaken angkara, panasten dudika sapanunggilanipun, wahananipun ing peru, wahyanipun saking karna, kasebut dados ngibarat kahananing manah ingkang asorot abrit, sampurnanipun anarik leburing kulit erah.
3. napsu supiyah, tegesipun meles, dipun namani napsu suwiyah, tegesipun adreng, darbe hawa amurugaken murka, pakareman, kabingahan sapanung ilanipun, wahananipun ing lilimpa, wahyanipun saking netra, kasbut dados kahananing manah, ingkang asorot jenar, sampurnanipun anarik leburing daging otot.
4. napsu mutmainah, tegesipun jinem, darbe hawa amurugaken loba, inggih punika loba dhatengkautamen, kadosta hanglampahi pujatapa ingkang kalantur-lantur, boten mawi watawis, wahananipun ing babalung, wahyanipun saking grana, kasebut dados ngibarat kahananing manah, ingkang asorot pethak, sampurnanipun anarik leburing balung sungsum.
Dene manawi katitisaken witing napsu punika, saking uteg, wedalipun andarbeni pangawasa : manawi dumunung ing manik dados cipta andarbeni pangraos, manawi dumunung ing lesan, dados raos, lajeng amedalaken sura, manawi dumunung ing manah dados birahi, andarbeni karsa, manawi dumunung ing jantung dados angen-angen andarbeni panggrahita, wedalipun saking jantung dados nupus, katampekaken ing wadhuk lajeng dados anpas, katampen ing peru, lajeng anunggil lampahing rah, dados napas, sumarambah ing jasat lajeng dados kaketeg, amartandhani karkating solah bawa, mila sangkanipun sakaliring apngal wau, punika sami medal saking hawaning napsu sadaya.
Ingkang kaping nem, ngakal, tegesipun budi, punika sajatosipun inggih amung satunggal, nanging dipun wastani gangsal pasebutan, manawi kaetang inggih dados rangkep, nama dados pitung pasebutan, sami anartani dhateng ngibarat namaning manah, kadadosanipun anunggil dados pasebutan kados ing ngandhap punika :
1. budi manawi, inggih manah manawi, tegesipun wahya budi.
2. budi sanubari, inggih manah sanubari, tegesipun wahananing budi.
3. budi suweda, inggih manah suweda, tegesipun woding manah dados ngibarat kahananing budi.
4. budi puat, tegesipun woding jejantung, dipun wastani budi jki, tegesipun manah suci, dados ngibarat pramaning budi.
5. budi siri, inggih manah siri, tegesipun rasaning manah dipun wastani budi sapi, utawi manah sapi, tegesipun manah wening, dados ngibarat raosing budi.
Dene manawi katitisaken pakartining budi punika, saking wasiyatipun kaki guru markunsanagastra, awios dados kalih pangkat, kapratelakaken kados ing ngandhap punika :
Ingkang sapangkat, dipun wastani panca maya, tegesipun osik gangsal, inggih punika pangarsaning budi, taksih sinuksma ing dalem rahsa, wijinipun dados tigang angkatan, sami anggangsal pakarti :
1. dipun wastani locita, tegesipun krenteg ing batos, kasbut nama lingga maya, tegesipun jumeneng ing osik kadosta : ambeg, watek, grahita, esthi, cipta.
2. dipun wastani artika, tegesipun pangrarasing batos, kasebut nama cipta maya, tegesipun wahananing osik kadosta :
angkara – birahi – sedya – karsa – arjati.
3. dipun wastani unadika, tegesipun ungel ing batos, kasebut nama wahya maya, tegesipun wedaling osik kadosta pangraos, panginten, panyana, panyakra, pangangka.
Ingkang saangkatan malih dipun wastani panca driya, tegesipun manah gangsal inggih punika pangawasaning budi, ingkang sampun kawedhar ing dalem rahsa, wijangipun dados tigang pangkatan, sami gangsal pakarti :
1. dipun wastani karmendra, tegesipun purbaning budi, kadosta paningal, pamiarsa, pangganda, pamiraos.
2. dipun wastani astraren driya, tegesipun antawising budi kadosta keketeg, napas, kedheping netra, raosing lidhah, kenyaming lathi.
3. dipun wastani jayaning driya, tegesipun wiwesaning budi, kadosta karaosing kulit, parji, jubur, asta, suku.
Ingkang kaping pitu, tegesipun badan, sajatosipun badan punika amung satunggal, nanging dipun wastani kalih pasebutan, satunggal jasat urab, tegesipun badan, kadosta kadadosan saking lebu, winastan jisim, dipun basakaken jasmani, inggih punika badan wadhag.
Jisim katep, tegesipun badan alus, winastan jisim, dipun basakaken badan rohani, inggih punika badan suksma.
Menggah jangjinipun badan wadhag kaliyan badan alus punika boten kenging pisah, sangkan paranipunanunggil kahanan jati, upami satu mungging rimbagan, nanging wangsulan, ing tembe badan wadhag punika luluh sampurna wonten salebeting badan alus, kalimputan dening kayu daim, tegesipun gesang kang tetep dumunung ing kahanan kita pribadi.
Pramila dipun pralambangi warangka manjing curiga, tegesipun badan wadhag dumunung ing salebeting badan alus, kala badan wadhag taksih dados embanan, lambangipun curiga manjing warangka, tegesipun badan alus dumunung wonten andhah-andhahaning babasan kados makaten. Jasat embananing budi, budi embananing napsu, napsu embananing karsa, karsa embananing angen-angen, angen-angen embananing suksma, suksma embananing rahsa, rahsa embananing cipta, cipta embananing kawasa, kawasa embananing wisesa.
Ingkang dipun basakaken badan wadhag, budi sapanunggilanipun, wondene badan alus punika sumangga ing panggalih.
Dene pratikelipun pangluluhing badan wadhag wau manawi wasiyat dalem ingkang sinuhun kangjeng susuhunan Paku Buwana ingkang kapisan, kenging kalanteh saking anglampahi tapa brata kados ing ngandhap punika :
1. hasuci, tegesipun dipun taberi siram saben bangun enjing.
2. angirangi dhahar, tegesipun adhahara manawi sanget luwe
3. angirangi ngunjuk, tegesipun angunjuka manawi sanget kasatan
4. angirangi sare, tegesipun asareya manawi sanget arip
5. angawisi pangandika, tegesipun angandikaha manawi wahyaning mangsa kala
6. anguda-uda sahwat, tegesipun sahwata kaliyan garwa, menawi sanget kangen, sampun ngantos jijinahan
7. ambirat napsu, tegesipun sampun ngantos angumbar hawa, angagema budi trima, lila, temen, utami, salebetipun ing ngriku sampun saged nyipta ajal antukan, kados ing ngandhap punika :
Jagad, bumi alam kabeh sumungsup maring badan, badan sumungsup maring budi, budi sumungsup maring napsu, napsu sumusup maring nyawa, nyawa sumusup maring rahsa, rahsa sumurup maring cahya, cahya sumurup maring atma, atma sumurup maring dad, dad sumurup maring ingsun, ingsun jumeneng pribadi, tanpa timbangan, tanpa lawanan, ana ing kalaratan ingsun kang maha mulya, maha suci sejati, saka ing kodrating sun.
Manawi kalampahan makaten angger boten kawistara, sarta dumunung ing asepen, inggih walahu alam katarimahipun.
Dene menawi badhe waskitha sejatosipun dununging ngasepen punika sakaliring rupa kita kaprasahena, dhateng kang adarbe rupa, sakaliring swara kita kahantukna dhateng kang darbe swara, paningal kita, pamiarsa kita, pangganda kita, pangraos kita, pamiraos kita, sami kawangsulena dhateng sangkanipun piyambak-piyambak, menggah patrapipun anyindikaken eninging panca maya angasaken eninging panca driya, tegesipun angendelaken sanis kara rasaning gesang kita sadaya, lajeng angengkoki dados tohjalining gusti kang maha sukci sejati, kang amurba amisesa kang kawasa, andadosaken sawarnining aswa sedaya, manawi sampun saged makaten inggih punika salat daim, ingkang dipun wastani sejatining salat, tanpa watawis ing waktu, boten mawi kaetang rakangat, pramila kasebut babasan, salat angiras nyambut damel, anglampahi padamelan kasambi salat, alenggah sarwi lumampah, lumampah sarwi andhepok, lumajeng salebeting kendel, ambisu kaliyan carios, kesah sarwi atilem, tilem kaliyan amelek, kados mekaten ngibaratipun, sebab kakekating salaat daim punika, tanpa rukuk sujud, inggih punika amung dumunung wonten ing rahsa, salebeting gesang kita, ingkang anandhakaken adegipun, inggih gesang kita pribadi, punika rukukipun inggih paningal kita, iktingalipun inggih pamiarsa kita, sujudipun inggih pangganda kita, wawaosaning ing ayatipun inggih pamiraos kita, tahyatipun inggih manteping tokit kita, salamipun inggih punika makripat eslam kita, pupujianipun inggih panjang wijiling napas kita, dhikiripun inggih awas emut kita, keblatipun inggih madhep dhateng eneng-enenging kita, sampun uwas sumelang malih, mila makaten jumeneng ing dad, sipat, asma, apngal kita punika sampun dados kor’an sejati, amratandhani sajatining salat sadaya, dipun wastani salat daim, manawi iktitahipun salat daim punika makaten.
Niyatingsun salat daim, kanggo ing salawasing uriping sun, rukuke ya paningalingsun, sudjude ya pangambuningsun, wawasaning ayat ya pangucapingsun, lungguhe ya tetep ing imanningsun, tahyate ya mantep ing tokitingsun, salame ya makripat islamingsun, pujine ya panjing wetuning napas ingsun, dhikire ya awas eling ingsun, keblate ya madhep eneng ening ingsun, perlu angakoni wajib saka ing kodrat iradating sun, dhewe. .
Ing ngriku lajeng pasrah analangsa dhateng dhating gesang kita pribadi, sampun mawi uwas sumelanging galih.
Den salat daim punika manawi kasemakaken ing liyan, kakekatipunpakekahing iman, suraosipun inggih anunggil sami kemawon, liripun kados ingkang kasebut ing ngandhap punika :
1. sahadat, punika kekatipun wonten ing lampah temen, dumunung ing pamiraos, angger anuhoni wisantenipun, inggih punika anetepi sahadat.
2. siyam, punika kakekatipun wonten ing lampah trima, dumunung ing ganda, angger marem kang tahan ambet ingkang aminginaken, inggih punika anteping siyam.
3. jakat, punika kakekatipun wonten ing lampah rila, dumunung ing paningal, angger saget angemutaken netra, amutakaken netra inggih punika anartipi jakat.
4. salat, punika kakekatipun wonten ing lampah utami, tegesipun sabar, dumunung ing pamiarsa, angger saged anulekaken talingan, inggih punika anglampahi salat.
5. kaji, punika kakekatipun wonten ing lampah analangsa, utawi netepi jangji, dumunung ing pangraos, kaliyan solah bawa, angger saged anyirnakaken pangraos utawi amejahaken sarira, inggih punika anglampahi kaji.
Mila pralampitanipun kaki guru Markum sanaragastra mekaten :
Lesan bisu, irung papet, mata wuta, kuping tuli, badan mati, iya iku dadianartani ing pirukuning islam sejati, karana bisa mati sajroning urip, sapa kang bisa mati sajroning urip yekti bisa urip sajroning pati, malah-malah yen katarima urip bae salawase, dene panglantehe amatenana napsu hawa badan kita darma anglakoni kewala.
Menggah pikekahing iman kawijang dados nem warni :
1. angandel ing alah, punika kakekatipun angestokaken gesang jasat kita, rumaosa manawi dados sipating alah sajati, liripun angger jasat kita tansah sinucenan sarta mawi angangkah-angkah, anggenipun anyolahaken sarira, inggih punika kakekatipun manawi temen-temen angandel ing alah.
2. angandel ing malaikat, punika kakekatipunangstoaken wahyaning ing paningal, pamiarsa, pangganda, pangraos,pamiraos, liripun angger angatos-atos anggen kita amatrapaken tanduking netra kaliyan awiraos ing sapanunggilanipun, inggih punika kakekatipun menawi tmen-temen angandel ing malaikating alah, sebab kakekatipun malaekat wau punika dumunung salebeting panca maya, kaliyan wonten ing panca driya kados kala malaekat jabarail, dumunung wonten ing miraos, mingkail ing pangganda,israpil ing paningal, ngijrakil ing pamiarsa, ngaliyan ing rahsa, aruman ing nyawa, munkarun wana kirun kalih pisan sami dumunung ing napsu, kariman katibin sakaliyan sami dumunung ing budi.
3. angandel ing utusan, punika kakekatipun angelokaken, wahananing rahsa, liripun angger saged angandelaken ing pangraos kaliyan angeningaken cipta, inggih punika kakekatipun, manawi temen-temen angandel utusaning alah.
4. angandel ing kitab, punika kakekatipun angestokaken kahananing nyawa, pangawas lampahaning gesang, saha emut ing kadadosan kita, liripun angger tansah awas hemut ing dalem batos, inggih punika kakekatipun manawi temen-temen angandel ing kitabing alah.
5. angandel untung sae untung awon saking alah, tegesipun dhateng begja cilaka, saking takdiring alah, punika kakekatipun angestokaken manawi babaring napsu, punika saking wedharing budi kita pribadi, liripun angger inggal-inggal asraha nalangsa dhateng dad kita, inggih punika kakekatipun manawi temen-temen angandel ing kawasaning alah.
6. angandel ing dinten kang akhir, tegesipun dinten wekasan, punika kakekatipun angestokaken papesthening pejah, saking dad kita pribadi, liripun angger asring anokidakaken ing iktikat kita kang santosa, inggih punika kakekatipun manawi temen-temen angandel ing dinten wekasan, saking wisesaning alah.
-------------------------------
Punika muna sikateng maklumat jati, ingkang minangka teterusaning, urut-urutaning namanipun wahananing dad sadaya. Ing ngajeng sampun kapratelakaken wijangipun satunggal-tunggal, nanging dereng wonten daerahipun, kaki guru Markum sanagastra, ing mangke kababaraken ing dederahan, supados gampila anggenipun sami ngraosaken papangkating dad, sampun wonten ingkang taksih tarwilun ing pamanggih, sebab ingkang kasebut ing kadis, boten wonten suraosing ngelmi kasampurnan, punika muhung kadhamel babantahan kemawon. Saestunipun kangge wajibing mupakatan dena menggah ingkang kapangkat wonten salebeting dederahan sadaya, ing ngandhap punika :
Dad mutelak kang kadim ajali abadi, tegesipun jenggerenging kang asipat esa, kang amesthi rumuhun piyambak, kala taksih awang-uwung, ing kahanan kita kasebut wisesa :
1. kayun, tegesipun inggih punika atma, kasebut kawasa,
2. nur, tegesipun cahya,
3. sir, tegesipun rahsa, kasebut pramana,
4. roh, tegesipun nyawa, kasebut suksma,
5. napsu, tegesipun angkara, kasebut hawa mana,
6. ngakal, tegesipun badan, kasebut warana.
Dene dad punika tanpa tuduhan, amung dumunung anarambahi wonten salebeting gesang kita pribadi, ananing kathah ingkang sami katabetan, awit dening boten mawi jaman makam, tegesipun boten arah boten enggen, tanpa rupa kantha warna, sepen saking ganda rasa, swara, asipat elok, dede jaler, dede estri, dede wandu, dipun poalambangi kombang angleng wonten ing ngawang-awang, mila ing dalem martabat taktiyun, saking dereng sanyata ing kahananipun.
Dene kayu punika tohjalining dad, awit kasorotan saking purbaning dad sajati, dipun pralambang kusuma anjrah ing tawang, tegesipun sekar tuwuh wonten ing ngawang-awang, mila ing dalem martabat kasebut takyun awal, dening wiwit sanyata ing kahananipun.
Dene nur, punika minangka tohjalining kayu, inggih punika minangka dados sasandhaning gesang, awit kasorotan wisesaning atma sejati, dipun pralambangi, tunjung tanpa telaga, tegesipun sekar tarate gesang boten mawi toya, mila ing dalem martabat kasebut ayan sabitah, dene sanyata tetep kahananipun.
Dene napsu, punika minangka toh jalinin roh, punika minangka tohjalining sir, awit kasorotan saking wisesaning pramana sajati dipun pralambangi tapaking kuntul anglayang, punika mila ing dalem martabat kasebut, akyan karijiyah, dening sanyata medal kahananipun.
Dene napsu punika minangka tohjalining roh, awit kasorotan saking wisesaning suksma sejati, dipun pralambangi, latu murub ing telenging samodra, tegesipun kaelokan, urubung latu wonten salebeting toya, punika mila ing dalem martabat kasebut akyan mukawiyah, dene sanyoto gesang kahananipun.
Dene budi punika minangka tohjalining napsu, awit kasorotan saking wisesaning suksma sejati, dipun pralambangi kuda ngerab ing pandengan, tegesipun kapal nyander ing kurungan, yakti kaelokan, kapal kinurung salebeting jajaran dados upacara, teka kados angerap, suraosipun sami pralambang lumpuh angideri jagad, mila ing dalem martabat kasebut akyan maknawiyah, dene sanyata kawedhar ing kahananipun.
Dene jasat, punika minangka tohjalining ngakal, wahananipun sipat, dados embananipun para mudah, ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau, awit saking kalimputan dening pakumpulaning sorot, sami sumarambah amaradini salwiring anggotaning badan jasmani sadaya.
Mila manawi taksih jamaning sipat, dipun pralambangi kodhok kinemulan ing leng, tegesipun kodhok punika ngibarating mudah, inggih punika kahananipun dating gusti, taksih kalingan dening sipating kawula, pae manawi jalaning dad ing delahan, dipun pralambangi, kodhok angemuli ing leng, tegesipun jasat jasat gentos dumunung wonten ing lebet, inggih punika kahananipun sipating kawula, sampun kalimputan dening dating gusti, dados sami tarik tinarik, tetep tinetepan, kados ingkang kasebut ing kadis, makaten :
Teteping dad punika anarik dhateng kayu, teteping kayu anarik dhateng nur kaping nur, anarik dhateng sir, teteping sir anarik dhateng roh, teteping roh anarik dhateng napsu, teteping napsu anarik dhateng ngakal, teteping ngakal anarik dhateng jasat.
Sawangsulipun makaten, teteping jasat punika, tinarik dening ngakal, teteping ngakal tinarik dening napsu, teteping napsu tinarik dening roh, teteping roh tinarik dening sir, teteping sir tinarik dening nur, teteping nur tinarik dening kayu, teteping kayu tinarik dhateng dad.
-----------------------------
Menggah darahanipun kados ing ngandhap punika :
Kodhok kinemulan ing leng kodhok kinemulan ing leng
dad jasat
kayu ngakal
nur napsu
sir roh
roh sir
napsu nur
ngakal kayu
jasat dad
kahananipun ngalam donya kahananipun ngalam akirat
Ing mangke amratelakaken menggah dating gusti punika kaelokanipun kaliyan dating kawula dene andarbeni pangawasa, wenang ambubar prabawa sarta anarik wedharing gelar kukudan, kados upamenipun manawi karkating jas kasirep pangraosing budi, arupa hawaning napsu kasirep dening hawaning suksma, rerem salebeting betal makmur, lajeng amuhung ing wiwaraning pramana, anglers saniskaraning panca driya, mangka kaprabawa dening pangwasaning suksma, anggelar pangraosing cipta, wahananipun dados tilem, kahananing jasat kita ing ngriku saking pangraos katingal ngalaming supena, kaleksanan salwiring solah bawa sadaya.
Manawi pangawasaning suksma, sampun ambabar panca driya, sarta amabuka wiwaraning pramana, lajeng angrepakaken, hawaning napsu, anuwuhaken pangraosing cipta, katampen ing budi ngantos sumarambah ing ngriku wahananipun dados tangi, kahananing jasat kita lajeng uninga malih dhateng saniskara, ingkang katingalan ing ngalam donya, mila dipun pralambangi, nenun sentek pisan anigasi, tegesipun saweg sakedhap paninggaling alam supena lajeng saged wangsul malih.
Kados mekaten punika kados upamenipun manawi karkating jasat katarik pangraosing budi, pangraosing budi kairup hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, kakukut dhateng pangawasaning rahsa, lajeng luluh manjing pranawaning cahya, anunggil kaliyan purbaning atma, mantuk dados sajatining dad, muntelak kang adim ajili abadi, ing ngriku wahananipun dipun wastani pejah, kahananing jasat kita, nanging saestu boten pejah, amung ngalih panggenan kemawon, malah-malah waluya gesangipun, langgeng wonten ing kahanan kita kang maha mulya, maha sukci sejati. Mila dipun pralambangi tanggal pisan kapurnaman, tegesipun dereng lami tumitah wonten ing ngalam donya, lajeng saged wangsul malih dados manungsa sejati, ingkang sampurna serta waskitha ing saniskara, boten mawi kasamaran dhateng ingkang gaib-gaib sadaya. Semanten wau sumanggaanggenipun sami angraosaken ing panggaliyan, sarehning kula amung dermi anular saking riwayating dalil kadis ijemak kakiyas kemawon, katata urutipun satunggal-satunggal supados mutamata kalayan suraosing ngelmi makripat sedaya, mangsa borong ing dudugi prayogenipun, sebab wonten arang eranganipun, tiyang olah ngelmi makripat kados makaten :
1. sinten ingkang tansah jibar- jiburambaruwah, dhateng kasutapan, saking adat luwangipun dumugi ing dinten wekasan ing tembe jisimipun bosok dados siti, alusipun anglambrang kados kinjeng tanpa soca, ewadene manawi kinanthenan lampah taberi asesuci, ing lahir batos, inggih trekadang boten makaten kadadosanipun ing delahan.
2. sinten ingkang tansah anggentur siyam tanpa watawis, saking adat luwangipun dumugi ing dinten wekasan, ing tembe jisimipun wetah dados sela, anyarangaken siti, alusipun dados dhahyang ing kasmara bumi, ewadinten manawi kinanthenan manah lampah trima, tegesipun ingkang dhinahar anarima ing sawontenipun kemawon inggih trekadang boten kadadosanipun ing delahan.
3. sinten ingkang abanter wungu tanpa witawis, saking dad luwangipun, dumugi ing dinten wekasan, ing tembe jisimipun luhur, kapanjingan berkasakan, ingkang mamedosi, alusipun anitis dhateng sato kewan, ewadinten manawi kinanthenan manah rila, tegesipun wungu ing sapakantukipun, angirasdana mumule ing sakadaripun, inggih terkadang boten makaten kadadosanipun ing delahan.
4. sinten ingkang anglampahi anglantur acegah sahwat ingkang tanpa witawis, saking dad luwangipun, dumugi ing dinten wekasan, ing tembe jisimipun amrayang dados katon alelambat, alusipun asring anjanma utawi anglamadheyan, ewasemanten manawi kinanthenan lampah temen, tegesipun boten nate anyidra resmi bandrek jinahan, inggih terkadang boten makaten kadadosanipun ing delahan.
5. sinten ingkang sumedya sabar, saged amekak napsu hawa, purun anglampahi pejahsalebeting gesang, tegesipun angangkah-angkah budi repeh ulat sumeh, wuwus sareh solah angerpepeh, sarta mawi dudugi prayogi, miwah angangge watawis saking adat luwangipun saha nunggil alusipun, dados maha suci sejati, sebab saking istingarahipun saged gesang salebeting pejah, witning manawi kinanthenan lampah utami, kados sangsaya lestantun pamoring kawula gusti ing delahan.
Mila pangerang-erangipun, kaki guru Markum sanaragastra dhateng para anak putonipun mekaten :
Sapa kang tansah kasalimur dening rajah tamahsat hawa, mesthi tuna pangesthining ing delahan, sebab patang prakara iku binasakake dadi pamurunging laku, lire :
1. rajah tegese kabungahan, dumunung ana sandhang panganggo,
2. tamah tegese kamukten, dumunung ana mangan turu,
3. satya tegese kareman, dumunung ana sesomahan,
4. hawa tegese kamurkan, dumunung ana ing napsu.
Dene menawa ora kalimputan ing prakara mau, pagene iya teka kadung ora bisa tutug paraning cipta.
Menggah erang-erangan makaten punika kula nyumanggakaken, ing panimbangipun saking wahyaning mangsa kala, ingkang pantes dhawah sembada kaliyan dhawah sambawa, monggso borong ing prayogenipun.
Ing mangke andumugekaken urutipun panunggilan pralambang sedaya, nanging tegesipun para pamarsudi ngelmi, makripat, sami darbe pamanggih piyambak-piyambak, leres lepat kula amborongakaen ing panimbangipun, kados ingkang kapratelakaken ing suwalik punika :
1. gigiring punglu, tegesipungigring mimis, punika ngibarat kaelokaning dad, dene boten arah boten enggon, ing pundi saestuning panggenanipun, sayekti amung dumunung wonten dating gesang kita pribadi.
2. tambining pucang, tegesipun punika ngibarat kaelokanipun sipating dad, dening binasakaken, dede jaler dede estri, dede wandu, kados punapa saestuning sipatipun, sayekti amung dumunung wonten sipating gesang kita, wondenten wonten ingkang mastani tambining pucang punika lenging grana kalih, saking panginten bok kalintu saserepan.
3. wekasaning langit, dados punika ngibarat, wewenganipun soroting cahya sumarambah dumugi wahananing sipat kita.
4. wekasaning samodra tanpa tepi, tegesipun ngibarat wewangenanipun pangawasaning rahsa, sumarambah dumugi ing wahananing sipat kita.
5. latu sakonang angasataken samodra, tegesipun punika ngibarat, hawaning napsu wimbuh salebeting panca driya kita.
6. paksi mabur angungkuli langit, tegesipun punika ngibarat rosaning budi, wimbuh salebeting apngal kita.
7. baita amot samodra, tegesipun baita punika ngibarating jasat, amodra punika ngibarataing manah sapanunggilanipun.
8. angin katarik ing baita, tegesipun punika ngibarat lampahing napas, medal saking jasat.
9. susuhing angin, tegesipun punika ngibarat pakendelaning napas, dumunung ing jantung, wonten ingkang mastani susuhing angin punika rekma, saking watawisipun manawi kapendhet saking prayogi kemawon.
10. bumi kapetak salebeting siti, tegesipun punika ngibarating wujud kita, asal saking siti, inggih punika wahananipun dados daging.
11. mendhet latu adedamar, sami kaliyan latu salebeting latu, utawi latu binasmi ing latu, tansah andadosaken latu, inggih punika wahananipun dados napsu.
12. barat katiyup ing angin, anginte prahara, tegesipun punika ngirarate wujud kita, angsal angin agung, angingsep angin, inggih punika wahananipun dados napas.
13. angansu rembatan toya, wonten salebeting toya, utawi toya kinum ing toya, tegesipun punika, ngibarating wujud kita, asal saking toya, tansah kailenan toya, inggih punika wahananipun dados erah.
14. srengenge pine, suraosipun sami kaliyan kaca ngemu srengenge, tegesipun punika cahya, kasorotan surya, utawi surya wonten salebeting cahya, inggih punika wahananipun dados wahananipun pramananing netra.
15. Wiji wonten salebeting uwit, uwite wonten salebeting wiji, tegesipun punika ngibarating kawula dumunung wontening gusti dumunung ing kawula, dipun basakaken leburan papan tulis.
16. kakangne pembarep adhine wuragil, tegesipun punika ngibarating martabating martabat insane kamil, ing nalika tanajul dhawah wonten wekasan piyambak, sareng tarminipun ing tembe dados wiwitan, menggah insane kamil punika, inggih wahananing gesang kita pribadi.
17. busana kancana retna, boten ngeboseni, sahirip sami kaliyan busananing wastra tanpa seret, tegesipun punika ngibarating jasat, busana wastra retna wahananipun dados jasat ing lebet, busana wastra wahananipun dados kulit.
18. tugu manik ing samodra, tegesipun punika ngibarat panthenging cipta, anrus dhateng pelenging paningal, wonten ingkang mastani tugu manik punika pajaleran, bokmanawi saking panginten kemawon.
19. sawange samodra retna, dados ngibarating babul abat, tegesipun korining Pangeran, inggih punika kekatipun palawanganing dad, dumunung wonten babahan hawa sanga, salebeting jasat, menggah kabudanipun sawanging samodra retna punika winastan kori sela matangkep, dados ngibarat milar mingkusing maras, utawi mengamingkeming lathi.
20. samodra winotan kilat, dados ngibarating wotsirotul mustakim, tegesipun margi ingkang leres, inggih punika kakekatipun pesating atma dumugi ing kalarating dad, wonten ingkang mastani wotsirotul mustakim punika, kakekatipun wedaling pamiraos, inggih sami pakantukipun.
21. bale tawang gantungan, dados ngibaratipun bale ngaras kursi, tegese ngaras padhaupan, ingih punika kakekatipun, pasewakaning dad, dumunung wonten ing sirah, utawi ing jaja, tegese kursi palenggahan, inggih punika kakekatipun palenggahaning dad, dumunung wonten ing uteg utawi ing jantung.
22. wiji tuwuh ing sela, dados ngibarate loh kalam, tegese loh, papan, kasebut lokil makpul, tegesipun papan kang rineksa, inggih punika kakekatipun sipating dad, dumunung wonten ing jasat, rineksa ing malaekat ki rahman, tegesing kalam, panyeratan, inggih punika kakekatipun, wawanyanganing dad, dumunung wonten ing budi, tumuwuh wonten ing angen-angen, rineksa ing malaekat katibin.
23. katingal sisah, tegesipun punika ngibarat wahananing dad, kaliyan wahananing sipat, sehingga kados wijang piyambak-piyambak, ananging sajatining dad punika boten mawi pipisahan, kaliyan sipatipun, sebab awis wiji kang tanpa cangkok, cangkok boten tuwuh yen tanpa wiji.
24. tengahing arah, dados ngibarating mijit, tegese mijita raju inggih punika kakekatipun panimbanging dad, dumunung wonten ing paningal, pamiarsa, pangganda, pangraos, pamiraos.
25. katingal boten pisah, tegesipun punika ngibarating solah kaliyan bawa, katingalipun boten pisah, punika dening kaparengan ing karsa.
26. katingal tunggal, tegesipun punika ngibarating pramana, kaliyan sipating netra, boten sanes.
27. medal katingal, tegesipun punika ngibarat wedaling dad, wonten kempaling lesan katingal, katingal saking swara.
28. katingal amedalaken, tegesipun punika ngibarat wedaling napas, kados wonten ingkang medalaken.
29. menawi kapejahan boten kenging risak, dados ngibaratipun jasat maliyan roh, manawi jasat punika pejah, rohipun boten risak, mila dipun basakaken alip, mutakalimun wakit, tegesipun sipat kang angandika, sakedhap tanpa karana lesan,inggih punika rupa ingkang sejati, dumunung ing roh kita sejati. Wonten ingkang mastani alip kalimun wakit punika lekikaning lathi ing nginggil, saking watawis manawi kapendhet saking prayogi kemawon, sebab lekikaning lathi ing nginggil punika taksih kenging risak.
30. manawi ingkang risak boten kenging pejah, dados ngibarating napsu kaliyan rahsa, manawi napsu punika kapekak, rahsanipun boten saged sirna, amargi taksih karaos darbe cipta, mila dipun basakaken, alip mantili, tegesipun sipating cipta, dumunung ing rahsa kita pribadi.
31. suka lila tega ing pejah, punika ngibarat kayektosanipun tiyang pejah anglampahi tigang prakawis :
1. suka, dene rumaos badhe angsal angsal kabingahan, salebeting jaman kasempurnan.
2. lila, dene sampun rumaos, lila dhateng samu kawis tatilaranipun.
3. tega, atilar dhateng katresnan, kawelasanipun inggih dhateng anak bojo ingkang sami kantun sadaya.
Ing sapunika amung kekendelaken semanten kemawon urut-urutanipun panunggilaning pralambang sadaya, menawi kapratelakaken sapanunggilanipun saestu tanpa pegat, tur boten andadosaken parlu, ing suraosipun, dene pralambangipun elok ingkang kadamel cacangkriman, pradikanipun dipun wawas saking dugi prayogi, kados ing ngandhap punika :
1. warninipun, ingkang binasakaken ageng, wiyar, panjang, inggil, langkung, ing sapanunggilanipun, punika dados ngibarat ananing dad.
2. sawarnenipun, ingkang binasakaken alit, ciut, andhap, kirang, sapanunggilanipun, punika dados ngibaratipun wahananing sipat. Upami ungel-ungelan, bathok bantheng winungkus ing godhong asem kabitingan alu bengkong, punika pradikanipun, bathok bantheng, dados ngibarat ananing dad :
godhong asem dados ngibarat ananing sipat,
alu bengkong, dados ngibarat ananing apngal sadaya.
Menggah dunungipun mekaten :
Ananing dad kita punika, awarana ananing sipat kita katadhahi ing solah bawa kita.
Wonten wardinipun malih mekaten :
Bathok bantheng punika mani, godhong asem punika kapawestren, alu bengkong punika pajaleran, nanging semanten punika boten prayogi manawi kadamel raraosan ing kathah, kengipun kawiraosaken amung kaliyan ingkang sami tunggil ngelmi, sarta sampun katuwuhan dudugi, tegesipun sampun langkung tengah tuwuh, manawi kawiraosaken ingkang dereng darbe dudugi, mandhak karumiyinan tuwuh, margi dereng dumunung wahananing tumuwuh, liripun wonten riwayatipun para sepuh, medal saking kadis, kados ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika.
Menggah ing atasipun tiyang gesang saking lahir, dumugi ing salajengipun punika, awios katuwuhan, iradating dad kaping kalihwelas, ing dalem satuwuhan ing dalem nem tahun, ing ngandhap punika pratelanipun satunggal-satunggal :
1. awit saking lahir, dumugi umur nem tahun, katuwuhan supe, tegsipun dereng enget.
2. awit umur pitung tahun dumugi kalihwelas tahun, katuwuhan enget.
3. awit umur tigawelas dumugi wolulas tahun, katuwuhan budi.
4. awit umur pitulas tahun dumugi salangkung prah tahun, katuwuhan birahi.
5. awit umur salangkung dumugi tigang dasa tahun, katuwuhan murka.
6. awit umur tigang dasa satunggal dumugi tigang dasa nem tahun, katuwuhan wiweka.
7. awit umur tigang dasa pitu dumugi kawan dasa kalih tahun, katuwuhan dudugi.
8. awit umur kawan dasa tiga dumugi kawan dasa wolu tahun, katuwuhan santosa.
9. awit umur kawan dasa sanga, dumugi skeet tahun, katuwuhan rumaos.
10. awit umur seket gangsal tahun dumugi sawidak tahun, katuwuhan wawangi.
11. awit umur sawidak satunggal dumugi sawidak nem tahun, katuwuhan jatmika.
12. awit umur sawidak pitu dumugi pitung dasa kalih tahun, katuwuhan pepeka.
Dene langkungipun saking punika ngadat katuwuhan supe malih, tegesipun asring-asring kasupen.
Menggah pratikelipun supados sampun ngantos katuwuhan supe-supe malih, punika amung anyegaha nepsu hawa, manawi saged ambirat nepsu hawanipun, saking adat kadunungan awas emut, punika sumangga panampinipun, amung atur pamuji kula ingkang mugi-mugi sami sageda anampeni suraosipun, ngelmi sadaya.
Sabab daliling ngelmi ingkang sampun kasebut salebeting kitab, mangani arki, makaten jarwanipun :
Ageng-agenge dosa punika tiyang olah ngelmi makripat, tegesipun tiyang olah ngelmi makripat punika ingkang tateanggelan, awit saking dereng kabuki ing pambudi, saestu dados dosa ageng, amargi dereng sumerap ing suraosipun.
Dene manawi ingkang sampun terang, saged anampeni suraosipun sadaya, punika malah dados kamulyaning sangkan paran, tegesipun awal akhir boten wonten sangsayaning jiwa raga, sebab ingkang kasebut ing kadis, salebetipun ing kitab insane kamil, mekaten jarwanipun :
Sinten ingkang uninga dhateng badanipun, saestu inggih uninga ing Pangeranipun, tegesipun ingkang sumerap ing pangeranipun punika ingkang sampun sumerap suraosing ngelmi makripat sadaya.Tegesipun ingkang sumerap dhateng badanipun punika inggih ingkang saged anguningani dhateng gesanging jiwa raganipun piyambak, sampun ngantos kalabetan ingkang dados bekaning ngagesang, kados riwayating kadis, ing dalem majutulah sanap, makaten jarwanipun :
Menggah bekaning ngagesang punika kawiosipun dados kalih pangkat, ingkang sapangkat dipun wastani bekaning wiji, kathahipun gangsal werni :
1. angumbar napsu hawa
2. angumbar suka pirenaning panggalih
3. anggelaraken angkara muka
4. amedharaken watak dora para cidra
5. anuruti budi pitenah anganiaya
Ingkang sapangkatan malih dipun wastani bekaning raga, kathahipun inggih gangsal warni :
1. olah carobo
2. lampah nistha
3. tingkah deksura
4. sarwa kesed sungkanan
5. lumuh nastapa puja brata
Wiosipun, riwayating kadis punika manawi kalabetan beka kados ingkang sampun kasebut ing nginggil wau, saking adat luwangipun, asring anyupetaken ing lalampahan, andadosaken boten widada ing gesangipun, sabab kadadosaning beka sadaya punika kalebet babasan kawan prakawis, makaten pralampitipun :
1. nistha papa, tegesipun lampah nitsha punika ing wekasanipun amanggih papa.
2. dora sengsara, tegesipun lampah dora, punika ing wekasanipun manggih sengsara.
3. dhustha lara, tegesipun lampah dhustha, punika ing wekasanipun manggih sakit.
4. niaya pati, tegesipun lampah niaya, punika ing wekasanipun amanggih pejah, sabab anemahi dhateng badanipun piyambak.
Mila manawi saged suminggah saking sakathahing beka rencana punika saestu andadosaken prayogi, lulus raharja ing gesangipun, langkung utami manawi saged anglampahi ingkang dados ing kawajibanipun, tapaning ngagesang sarta jakatipun pisan, kados ing ngandhap punika pratelanipun :
1. badan, tapanipun patrap anor raga, anuraga, jakatipun taberi olah pandamel sae.
2. manah utawi budi, tapanipun anarima, jakatipun sepen saking panginten awon.
3. napsu, tapanipun rila, jakatipun sabar ing coba bilahi, sarta angapunten ing kalepatan.
4. nyawa, tapanipun temen-temen, jakatipun boten dahwen muna sika
5. rahsa, tapanipun utami, jakatipun kendel ananglasa
6. cahya, tapanipun sukci, jakatipun ening.
7. atma, tapanipun awas, jakatipun emut.
Anjawi saking punika wonten malih ingkang wenang dipun tapani, utawi jakatipun, kados ing ngandhap punika pratelanipun :
1. netra, tapanipun anyegah sare, jakatipun lumuh aningali dhateng kamelikan.
2. karna, tapanipun anyegah napsu hawa, jakatipun lumuh amiarsa para paben.
3. grana, tapanipun anyegah angunjuk, jakatipun lumuh angingsep awoning liyan.
4. lesan, tapanipun anyegah dhahar, jakatipun lumuh angraosi awoning tiyang.
5. ngurat, tapanipun anyegah sahwat, jakatipun lumuh pandamel jina babandrek.
6. asta, tapanipun anyegah colong calimut, jakatipun lumuh amara tangan.
7. suku, tapanipun anyegah lumampah pandamel awon, jakatipun taberi lalampah istirakatan.
Manawi kalampahan makaten, kasebut jalma utami, milawonten babasan, wasiyatipun kangjeng susunan ing Ngampeldenta, ingkang kadhawahaken dhateng para putra wayah kados ing ngandhap punika :
1. aturuwa yen arep nepsu, tegesipun manawi rumaos badhe medal nepsunipun kasamura sare.
2. nepsua yen arep perang, tegesipun manawi badhe perang kaliyan mengsah, dipun puruna wedaling nepsu.
3. peranga yen arep mangan, tegesipun manawi karaos luwe sanget badhe dhahar kasayutana, kados mengsah perang sabil.
4. mangana yen arep lumaku, tegesipun manawi badhe kekesahan tebih sarat mawiya sarapan dhahar sawentawis.
5. lumakuwa yen arep turu, tegesipun manawi karaos badhe sare sarta arip, sinamura kadamel lumampah-lumampah.
Menawi kala taksih jaman budha, wonten bebasan mekaten :
1. sabecikane turu, becik melek
2. sebecikane melek, becik tangi
3. sabecikane tangi, becik lungguh
4. sabecikane lungguh, becik angadeg
5. sabecikane angadeg, becik lumaku-lumaku
boten susah mawi kategesan, saestu sampun sami sumerap lidipun babasan makaten punika, sumangga anggenipun sami angraosaken.
Dene pakantukipun tapa punika, amung lampah ingkang boten kawistara, inggih punika tansah prayitna ing gesangipun, kadosta : obahing badan kedah angangkah-angkah, kedaling lesan kedah angirih-irih, tapanipun mawi papan, patrapipun kanthi dudugi prayogi, tumanduk animbang watawis, tumindak kaliyan riringa, tegesipunangn wayaning mangsa kala, ingkang pantes dhawahing sambawa kaliyan dhawah sambada, punika dados ugering sujana.
Manawi saged anglampahi makaten, saestu tulus ing solah bawanipun, kayuwanan ing sakarsanipun, sasab wonten babasan kados ing ngandhap punika :
- rongkop rungkudung badan, kalingan dening solah susila
- garap gangsuling lesan, kalingan dening wiraos manis
- warna awon kalingan dening manah sareh
- sipat kuciwa kalingan dening netya sumeh
- taliti sudra kalingan dening berbudi bawa leksana
tegesipun ingkang binasakaken makaten wau kados ing ngandhap punika :
- rongkop rungkuding badan, punika manawi carobo, remen busana kusud, saestu kalingan dening solah jatmika.
- Garap gangsuling lesan, punika manawi kaluru ing ujar saru, saestu kalingan dening wiraos manis arum, purun angawon basa sakecap
- Warni awon, punika boten sembada, saestu kalingan dening lembah manah
- Sipat kuciwa, punika ingkang darbe cacad, saestu kalingan dening ulat sumeh
- Taliti sudra, punika turunipun tiyang alit, saestu kalingan deningambeg loma legawa, anetepi wiraos ingkang sampun kawijil.
Samanten punika mangsa borong ing pangageman, kula dremi amedharaken kemawon, sarehning kula dereng saged anglampahi suraos angsal parmaning pangeran, kang asipat mirah ing donya asih.ing ngakerat, kasandhanga iman, tegesipun santosaning manah, saestu dadosa iman sabitah, tegesipun iman kang tetep, dumunung wonten ing gesang kita, kados ingkang kasebut ing ngandhap punika :
1. iman hidayat, dumunung ing gesang kita, dados pitedhahing awas.
2. iman mupasal, dumunung ing gesang kita, dados pasilahaning emut
3. iman sadrah, dumunung ing gesang kita, dados pambukaning pambudi
4. iman kalir, dumunung ing gesang kita, dados pangesthining birahi
5. iman makput, dumunung ing gesang kita, dados pangesthining pangageman (pangresaning napsu)
6. iman mahtum, dumunung ing gesang kita, dados panarimaning ening (pamuntuning eneng)
7. iman makbul, dumunung ing gesang kita, dados panarimaning ening-ening
8. iman mudmak, dumunung ing gesang kita, dados kaelokaning wirangi
9. iman gaib, dumunung ing gesang kita dados pandumaning suksma (panuksmaning suksma)
10. iman tayibah, dumunung ing gesang kita, dados pacuciyaning rahsa
11. iman kalimukamil, dumunung ing gesang kita, dados kasampurnaning pranawa
12. iman maim, dumunung ing gesang kita, dados paneteping atma
Ing wekasan, liring pamuji kula sampun ngantos sami anandhang iman marnut, kaliyan iman tagayur, ingkang andadosaken panulaking enget, kaliyan ewah gingsiripun, saniskaraning ngagesang sadaya, sabab manawi kasandhangan iman kalih prakawis wau, sisip tembiripun anemahi siksa wonten ing ngalam donya, andadosaken karisakan, prasasat kalebet naraka pitu, kados ing ngandhap punika pratelanipun satunggal-satunggal :
1. naraka jahanam, tegesipun panas, ngibaratipun tiyang anglampahi malarat, punika kaupamekaken wonten salebeting naraka jahanam utawi naraka awiyah, ingkang dados witipun saking kekathahen tilem.
2. naraka sakar, tegesipun wuru, ngibaratipun tiyang nandhang wiring, liripun manawi tiyang kawirangan, punika kaupamekaken wonten salebeting naraka sakar, ingkang dados witipun saking supe.
3. naraka kutamah, tegesipun tutup, ngibaratipun manawi tiyang sanget balilonipun, punika kaupamekaken wonten salebeting naraka kutamah, ingkang dados witipun saking watak sungkanan.
4. naraka awiyah, tegesipun hawa, ngibaratipun tiyang amanggung sereng, liripun tiyang asring napsu, punika kaupamekaken wonten salebeting naraka awiyah, ingkang dados witipun saking kakathahen talendhoning manah.
5. naraka sangsir, tegesipun sangsara, ngibaratipun tiyang tiyang manggih sungkawa, liripun manawi tiyang amanggih susah, punika kaupamekaken wonten salebeting naraka sangsir, ingkang dados witipun saking manah resah.
6. naraka jakim, tegesipun sakit, manawi tiyang tansah sakiten punika kaupamekaken wonten salebeting naraka jakim, ingkang dados witipun saking karem tatedhan.
7. naraka lalka, utawi wel, tegesipun peteng utawiatis, ibaratipun tiyang kadhatengan bilahi, liripun manawi tiyang kadhatengan kabilahen, punika kaupamekaken wonten salebeting naraka lalka, utawi naraka wel, ingkang dados witipun saking solah remen amasang bebaya.
Ewadenten manawi boten kasandhangan iman awon kalih prakawis wau, kados lestantun kasandhangan iman sae, ingkang tetep dumunung wonten ing gesang kita, temahanipun bokmanawi dipun gantungi kanugrahan wonten ing ngalam donya, andadosaken kamulyan, prasasat minggah swarga pipitu, tanpa kinten-kinten kados ing ngandhap punika pratelanipun satunggal-satunggal :
1. swarga nganim, tegesipun padhang, ngibaratipun tiyang angsal kabegjan, liripun manawi tiyang kaduluran sugih raja barana, punika kaupamekaken minggah swarga nganim, ingkang dados witipun saking gemi nastiti pangatos-atos utawi ulah teki-teki.
2. swarga pirdos, tegesipun asri, ngibaratipun tiyang sarwa kabrayan, liripun manawi tiyang kaduluran putra wayah, punika kaupamekaken manggih swarga pirdos, ingkang dados witipun saking budi welasan.
3. swarga tanim, tegesipun ayem, dipun wastani swarga akta, tegesipun luhur, tegesipun manawi tiyang tampi kaluhuran darajad, punika kapamekaken minggah swarga tanim, utawi swarga akta, ingkang dados witipun saking taberi sarta patrap andhap asor.
4. swarga nangim, tegesipun nikmat, ngibaratipun tiyang sugih kagunan, liripun manawi tiyang kaduluran kawruh, punika kaupamekaken minggah swarga nangim, ingkang dados witipun saking taberi ing padamelan.
5. swarga kadum, tegesipun kapak, ngibaratipun tiyang ahli kasekten, liripun manawi tiyang kaduluran sakti, punika kaupamekaken minggah swarga kadum, ingkang dados witipun saking tarak brata, sarta taberi puruita.
6. swarga tajir, tegesipun milih utawi lumintu, dipun wastani swargajulpa, tegesipun tulus, ibaratipun tiyang tansah karaharjan, liripun manawi tiyang kaluhuran wilujeng, punika kaupamekaken minggah swarga tarji, utawi swarga julpa, ingkang dados witipun saking awas emut.
7. swarga mut, tegesipun panjang, dipun wastani swarga kubal, tegesipun katarima, ngibaratipun tiyang lulus kayuswan, liripun manawi tiyang kaluhuran yuswa panjang, punika kaupamekaken minggah swarga mut, utawi swarga kubal, ingkang dados witipun saking nastapa anarima.
Menggah swarga pipitu ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau wonten wicaranipun kakalih :
1. dipun wastanibabulker, tegesipun konten sae, ingkang dados sosorog ing pambukanipun amung saking pambekan utawi sarta sareh.
2. dipun wastani babul kalad, tegesipun konten langgeng, ingkang dados sosorog ing pambukanipun amung saking budi santosa sarta adil.
Ingkang samanten punika sumangga anggenipun sami angraosaken, boten langkung kula amung angaturaken pamuji kawilujengan wonten ing donya dumugi ing ngakerat.
Halahuma istajib, donga anabil kerati, amin – amin – amin
yarabil ngalamin .
Diposkan oleh : Winardi Jadmiko
Serat Wirit Hidayat Jati,
Ini adalah transkripsi daripada naskah / buku (No. A 79)
yang disimpan di Reksapustaka ( Perpustakaan Istana Istana Mangkunegaran ) Solo
Transkripsi dikerjakan oleh SUROYO Pada tahun 1980
0 komentar:
Posting Komentar